Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gugon Tuhon

Konten [Tampil]
Tembung ”Gugon-tuhon” kena ditegesi rong warna, yaiku kapirid saka Tembung Watak lan saka Tembung Aran.

Manawa kapirid saka tembung watak, ateges gogon-tuhon yaiku: wewatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang gunem utawa dedongengan kang pancene mono ora perlu digugu lan dipituhu.

Dene yen kapirid saka tembung aran, gogon-tuhon yaiku: gunem utawa dedongengan kang dening wong sing nggugu lan mituhu dianggep nduweni daya; samangsa nganti ora digugu lan ora ditindakake, wong iku bakal nandhang rekasa (ora kepenak) uripe.

Jinising Gugon Tuhon

Manut jinise, gugon-tuhon iki kena kaperang 3 golongan, yaiku:
A. Gugon-tuhon kang salugu.
B. Gugon-tuhon kang isi wasita sinandhi.
C. Gugon-tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler (larangan).

A. Gugon-tuhon kang salugu.

Kang kalebu gugon-tuhon salugu yaiku bocah lan wong kang manut dedongengan dadi pepintaning memangsane Bathara Kala; yaiku kang kasebut: Bocah Sukreta utawa Wong Panganyam-anyam.

Manut kapracayane, bocah lan wong kang mangkono iku kudu ”diruwat” sarana ditanggapake wayang kulit, kanthi lakon: ”Amurwakala”.

Tuladha:
* Kang kalebu bocah-sukreta:

  • Bocah ontang-anting = anak siji lanang tanpa sadulur.
  • Bocah unting-unting = anak siji wadon tanpa sadulur.
  • Bocah kedhana-kedhini = anak loro siji lanang lan kang sijine wadon. (lanange tiba mbarep. Dene kosok-balene: kedhini-kedhana).
  • Bocah kembang sepasang = anak loro wadon kabeh.
  • Bocah uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh.
  • Bocah pancuran kapit sendhang = anak telu, sing angka loro lanang. (pi, pa, pi)
  • Bocah sendhang kapit puncuran = anak telu sing angka loro wadon. (pa, pi, pa).
  • Bocah cukit-dulit = anak telu lanang kabeh.
  • Bocah gotong mayit = anak telu wadon kabeh.
  • Bocah sarimpi = anak papat wadon kabeh.
  • Bocah saramba = anak papat lanang kabeh.
  • Bocah keblat papat = anak papat lanang-wadon.
  • Bocah pandhawa = anak lima lanang kabeh.
  • Bocah pancagati = anak lima wadon kabeh.
  • Bocah pipitan = anak lima lanange mung siji.
  • Bocah padangan = anak lima wadone mung siji.
  • Bocah sapasar = anak lima, lanang loro wadon telu.
  • Bocah anggana = anak akeh nanging padha mathi, mung kari siji iku sing urip.
  • Bocah gilir kacang = anak akeh, laire ajeg gegiliran: lanang, wadon, lanang, wadon lsp. Utawa: wadon, lanang, wadon, lanang, mangkono sateruse.
  • Bocah lumpat kidang = anak akeh kang laire ora ajeg gilir-gumanti.
  • Bocah garendhel = anak akeh lanang kabeh, mung ragile (warujune) kang wadon, utawa sawalike.
  • Bocah gendhong = anak akeh wadone mung siji, dumunung ana tengah.
  • Bocah pathok = anak akeh, lanange mung siji, dumunung ana tengah.
  • Bocah sumarah = anak akeh wadon kabeh, lanange mung siji: utawa sawalike.
  • Bocah pandhawa nyandhangi = anak enem, lanange lima wadone mung siji wuragile.
  • Bocah kembar = anak loro utawa luwih, kang laire nunggal wanci; lanang kabeh utawa wadon kabeh.
  • Bocah dhampit = anak loro lanang wadon kang laire nunggal wanci.
  • Bocah gondhang kasih = anak loro pakulitane siji bule, siji ireng.
  • Bocah tawang-tanggungan = anak kembar utawa dampit nanging laire ora nunggal sadina.
  • Bocah bungkus = anak kang nalika lahire kabuntel ing kendhangan (ari-ari).
  • Bocah karendha = anak kang lair loro nunggal bungkus.
  • Bocah sumala = anak kang cacat wiwit lair mula.
  • Bocah jempina = anak kang lair durung mangsane; upame lagi umur 7 sasi ing kandhungan, wis lair.
  • Bocah margana = anak kang laire ana ing dalan, nalika biyunge lagi lelungan.
  • Bocah wahana = anak kang laire mbeneri ana ing pasamuwan.
  • Bocah wuyungan = anak kang laire nalika wektu ana geger utawa dahuru.
  • Bocah julung sarab = anak kang laire ing wanci srengenge meh surup.
  • Bocah julung sungsang = anak kang laire mbeneri tengange (wanci jam 12.00 awan).
  • Bocah julung caplok = anak kang laire mbeneri (mbarengi) suruping srengenge (wanci sandya-kala, jam 18.00).
  • Bocah julung kembang = anak kang laire bareng (mbeneri) pletheking srengenge.
  • Bocah cemani = anak kang pakulitane ireng mulus.
  • Bocah wungle (bule) = anak kang pakulitane putih mulus.
  • Bocah slewah = anak kang pakulitaning raine abang lan pingul, kiwa tengen ora padha.
  • Bocah tiba sampir = anak kang nalika laire, tinemu kalung usus.
  • Bocah tiba ungker = anak kang nalika laire ginubel (ginubed) usus ing anggane.
  • Bocah wungkul = anak kang nalika laire tanpa ari-ari.
  • Bocah thok-thing (thothok-kathing) = anak kang asirah cilik.


*Kang kalebu Panganyam-anyam.

  • Keyong mlompong = Yasa/gawe omah wis dipayu nanging tanpa tutup keyong.
  • Omah maga-sesa = Yasa/gawe omah lagi dipayu saperangan wis mandheg ora diterusake. (maga-sesa = kagol, kacuwan).
  • Omah bubrah = Yasa/gawe omah durung rampung, wasana omahe mau ambruk.
  • Pasangan putung = Wong nggaru utawa mluku sawah, wasana pasangane putung (tugel).
  • Nugelake gandhik = wong memipis nganti gandhike tugel.
  • Dandang rubuh = wong lagi adang, dandange rubuh (ambruk).


B. Gugon-tuhon kang isi wasita sinandhi.

Wasita sinandhi tegese: pitutur kang sinamun; ora kalairake sarana salugune.

Gugon-tuhon isi wasita sinandhi yaiku gugon tuhon kang ngemu surasa pitutur, nanging anggone nglairake sarana sinamun, kang lumrahe nganggo dikantheni tembung: ”ora-ilok”, kang ateges: ora apik, ora elok.

Gugon-tuhon isi wasita sinandhi iku uga diarani: ARADAN.
Tuladha:
”Ora ilok”, manawa:

  • Kekudhung kukusan.
  • Jendhela menga nganti ing wanci surup.
  • Made tanpa lingkapan = Omah tanpa digelari klasa. (made = omah).
  • Wong petan mbuwang tuma.
  • Adeg lante = nyimpen lampit gulungan sarana diedegake.
  • Nglumahake pipisan.
  • Pajang tanpa samir = nata kasur-bantal ing senthong tanpa tutup.
  • Pawon madep mangetan.
  • Nyapu ing wayah bengi.
  • Uncal uwuh metu saka jendhela.
  • Anjangkar.
  • Usap wastra = ngusapi rai utawa cangkem, mung nganggo jarit, klambi utawa panganggo sing dienggo.
  • Memangan ing paturon.
  • Memangan karo mlaku.
  • Mangan ana ing tengah/ngarep lawang.
  • Ngaglah ana ing lawang (ngaglah = ngadeg).
  • Weweh dijaluk bali.
  • Supatanan = sithik-sithik supata (sumpah).
  • Mangan sangga ajang.
  • Lungguh bantal.
  • Ngidoni sumur.
  • Ngingu dhandhang = ngingu manuk gagak.
  • Lungguh tampah.
  • Nyendhekake tampah.
  • Tan memule marang arwah = ora tau eling marang leluhur kang wis sumare.
  • Pawuhan celak wisma = buwangan uwuh cedak omah.
  • Kasur tanpa pramada = kasur kang sajege gumelar ana ing paturon tanpa sepre.
  • Durung mantu wis gawe omah.
  • Wisma bangbangan = yasa/gawe omah nganggo lungsuran ragangan omah lawas.
  • Wadhehan = dhemen ngliga utawa wuda.
  • Turu ing wanci sandya-kala.
  • Mangan ngore rambut.
  • Tan sesawur = ora tau dedana.
  • Sanggar cungkup = yasa/gawe omah ragangane kecampuran ragangan tilas cungkup.
  • Mantu pawon = ngijabake ana pawon.

lan sapanunggalane, isih akeh tunggale.

C. Gugon-tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler (larangan).

Gugon-tuhon kang kalebu pepali iku, mungguh asale saka sabdaning leluhur utawa wong kang dadi cikal-bakal ing panggonan kono iku. Amarga dheweke wis tau ngalami lelakon ora kepenak utawa cilaka kang jalaran nindakake sawijining bab utawa pakaryan (tindak-laku), mula banjur paring pepali marang anak-putune utawa kawulane supaya aja padha nindakake bab utawa pakaryan (tindak-laku) mengkono iku, supaya ora nemoni cilaka utawa ora kepenak ing uripe.

Dene wujude wewaler iku, kayata:
1. Tedhak-turune Panembahan Senapati, samangsa mangsah yuda ora kepareng nitih titihan bathilan. (jaran kang surine utawa wulu buntute dikethok).
2. Tumrap wong-wong ing Banyumas, ora kena lelungan ing dina Sabtu-Paing (Tumpak-Jenar).
3. Tumraping wong-wong ing Bagelen, ora kena nganggo jarit, iket, utawa kemben kang awarna gadhung mlathi.
4. Lan wong-wong ing desane Bagelen asli, padha ora kena nandhur kedhele lan ngingu sapi.
5.Tumrap wong Kendal, ora kena gawe omah gedhong.
6. Wong-wong Kudus kang manggon ana sawetan kali, ora kena bebesanan karo wong-wong kang manggon ana sakuloning kali.
7. Tumrap wong ing wonogiri kang manggon ono ing kecamatan Ngadirojo lan sapiturute menawa bebesanan karo wong sing asale saka kecamatan Baturetna ora kena liwat daerah kang kasebut gunung pegat. lsp,

Baca juga:
Sengkalan Bahasa Jawa dan Artinya
Sesorah Basa Jawa Beserta Contohnya
Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya

Demikian ulasan tentang "Gugon Tuhon" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel Seni Sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Post a Comment for "Gugon Tuhon"