Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya

Masyarakat Jawa mengenal beberapa bentuk gaya bahasa yang memiliki fungsi sebagai piwulang (pembelajaran) secara lisan. Gaya bahasa yang dituturkan secara turun temurun dalam kehidupan masyarakat Jawa tersebut sering dikenal sebagai pepatah (peribahasa Jawa) yang dalam bahasa Jawa masyarakat sering menyebutnya dengan nama paribasan, bebasan, dan saloka.

Ketiga bentuk pepatah Jawa tersebut merupakan bentuk gaya bahasa yang berisi pitutur bijak yang sering digunakan oleh masyarakat Jawa dalam menyampaikan nasihat, teguran, maupun sindiran kepada orang lain. Paribasan, bebasan, dan saloka merupakan bentuk pepatah Jawa yang dibedakan berdasarkan gaya penyampaiannya. Untuk lebih mengenal ketiga bentuk pepatah Jawa beserta contohnya tersebut, simak lebih lanjut ulasan kami berikut ini.

paribasan-bebasan-saloka.jpg


1. Pepatah Jawa Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan (terjemahanParibasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna pengandaian (bermakna konotatif)).

Secara umum paribasan merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Paribasan menggunakan bahasa jawa secara lugas, jelas dan tidak menggunakan pengandaian, perbandingan, atau perumpamaan. Kata-kata atau gaya bahasan dalam paribasan berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Paribasan atau peribahasa Jawa dan artinya;
  1. "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane. (artinya; mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya, dan kepandaian yang dimilikinya).
  2. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
  3. "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
  4. "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari perbuatan anaknya yang tidak baik).
  5. "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang sing dilimpe mau.(artinya; memperhatikan kelengahan orang, dengan tujuan mengambil/ mencuri barang yang diinginkan).
  6. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine.(artinya; perbuatan baik dan buruk pasti akan terlihat nantinya).
  7. "Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.(artinya; orang bodoh maupun orang pintar suatu saat akan menemui kesulitan).
  8. "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.(artinya; maksud hati ingin berhemat/ irit tetapi malah boros).
  9. "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati.(artinya; kebiasaan/ watak buruk seseorang tidak akan hilang sampai mati).
  10. "Criwis cawis", tegese akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe.(artinya; banyak omongnya tetapi juga mampu menyelesaikan pekerjaan dengan benar).
  11. "Dahwen ati open", tegese wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih marang barang sing dicacat mau.(artinya; orang yang mencela/ merendahkan karena memiliki niat/ keinginan untuk memiliki sesuatu yang dicela tersebut).
  12. "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan aturan sendiri-sendiri).
  13. "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan penyesalan).
  14. "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja, tetapi sudah berkeinginan macam-macam).
  15. "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).
  16. "Garang-garing", tegese ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane.(artinya; kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya hidupnya menderita atau kekurangan).
  17. "Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh", tegese sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane.(artinya; meskipun bertindak semaunya sendiri tetapi dapat terlaksana dengan baik dan lancar).
  18. "Njajah desa milang kori", tegese lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani.(artinya; bepergian jauh menjelajahi pelosok negeri semua sudah didatangi).
  19. "Jalukan ora wewehan", tegese wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa menehi.(artinya; orang yang suka meminta, tetapi tidak mau berbagi atau memberi).
  20. "Jer basuki mawa beya", tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya.(artinya; setiap keinginan atau cita-cita pasti membutuhkan biaya).
  21. "Njunjung ngentebake", tegese wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake.(artinya; orang yang suka memuji, tetapi sebenarnya dia merendahkan).
  22. "Kalah cacak menang cacak", tegese samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.(artinya; pekerjaan apapun perlu dicoba dulu bisa dan tidaknya).
  23. "Kebat kliwat gancang pincang", tegese tumindak kanthi grusah-grusuh, wusanane ora kebeneran.(artinya; pekerjaan yang dilakukan tergesa-gesa hasilnya tidak akan tepat/ tidak baik).
  24. "Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad.(artinya; ikut merasakan kebahagiaan/ kesenangan tetapi tidak mengeluarkan uang).
  25. "Ketula-tula ketali", tegese wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung sandhung uripe.(artinya; orang yang hidupnya menderita atau terlunta-lunta hidupnya).
  26. "Kumenthus ora pecus", tegese wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada.(artinya; orang yang berlagak pintar tetapi sebenarnya tidak paham/ tidak bisa apa-apa).
  27. "Ladak kecangklak", tegese wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe.(artinya; orang yang suka menyakiti/ mengganggu orang lain pada akhirnya akan terkena akibatnya sendiri).
  28. "Maju tatu mundur ajur", tegese maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa nyilakani.(artinya; maju atau mundur semua serba berbahaya).
  29. "Mbuwang tilas", tegese ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.(artinya; pura-pura tidak tahu perbuatan buruk yang dilakukannya).
  30. "Mikul dhuwur mendhem jero", tegese anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane.(artinya; anak yang bisa menjunjung tinggi derajat orang tuanya).
  31. "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana kongkonan.(artinya; berbuat buruk/ mencelakai orang dengan menyuruh orang lain).
  32. "Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake", tegese wong kang tansah sugih ngelmu.(artinya; orang yang selalu kaya akan ilmu).
  33. "Nyolong pethek", tegese mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke.(artinya; meleset dari perkiraan).
  34. "Pupuran sadurunge benjut", tegese wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka.(artinya; orang yang selalu berhati-hati sebelum terkena musibah).
  35. "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung", tegese samubarang kang ngalang-alangi kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha.(artinya; semua hal yang menghalangi keinginannya akan disingkirkan). 
  36. "Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah.(artinya; kerukunan antar masyarakat akan menjadikan negara itu kuat dan sentausa, namun jika masyarakat bercerai berai akan menjadikan negara itu lemah dan mudah dijajah).
  37. "Sabaya pati sabaya mukti", tegese wong bebojohan urip rekasa dilakoni wong loro urip mulya uga dilakoni wong loro.(artinya; dalam berumahtangga susah ataupun senang dijalani bersama)
  38. "Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati", tegese wong kang gawe pasulayan marga ngganggu bojone liyan utawa gawe pasulayan marga lemah sapetak bakal dilabuhi nganti mati.(artinya; orang yang membuat masalah karena mengganggu istri orang atau karena perebutan tanah akan dilawan sampai mati).
  39. "Sepi ing pamrih rame ing gawe", tegese mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa duwe pamrih apa-apa.(artinya; dengan ikhlas membantu orang lain tanpa mengharap imbalan apa-apa).
  40. "Sembur-sembur adas, siram-siram bayem", tegese oleh pamujine wong akeh muga-muga kaleksanan gegayuhane.(artinya; mendapat doa restu banyak orang semoga tercapai harapan dan cita-citanya).
  41. "Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni.(artinya; siapapun yang berbuat kesalahan suatu saat pasti akan kalah dan mengakuinya juga).
  42. "Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti", tegese wong ampuh tumindak ala, bakal sirna dening wong kang tumindak becik.(artinya; orang yang melakukan perbuatan buruk meskipun kuat, digdaya, dan berkuasa, pasti akan kalah dengan orang yang berbuat baik).
  43. "Tega larane ora tega patine", tegese wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan.(artinya; orang yang tega melihat kesusahan orang lain, tetapi tidak tega melihat orang lain mati).
  44. "Tinggal glanggang colong playu", tegese prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana ninggalake ing peperangan.(artinya; prajuri yang meninggalkan kehormatannya dengan lari dari medan perang).
  45. "Tut wuri handayani", tegese wong tuwa utawa guru kang nyekarep marang pepinginane wong enom kang luhur, sarana ngulat-ulatake lan aweh prayoga saperlune.(artinya; dari belakang seorang guru harus dapat memberikan dorongan dan arahan).
  46. "Nulung menthung", tegese wong katone mitulungi, nanging sajatine gawe rekasane wong sing ditulungi.(artinya; orang yang memberikan pertolongan, tetapi sebenarnya malah memberikan beban kepada orang yang ditolong).
  47. "Tuna satak bathi sanak", tegese wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran.(artinya; orang yang rugi harta/ uang, tetapi untung semakin dekat dengan saudara/ erat persaudaraannya/ mendapat saudara).
  48. "Tunggal welat", tegese sedulur tunggal bapa biyunge.(artinya; saudara kandung atau saudara dekat).
  49. "Ulat madhep ati karep", tegese kekarepane lahir batine wis mantep banget.(artinya; keinginan lahir batinnya sudah mantab dan yakin).
  50. "Undhaking pawarta sudaning kiriman", tegese pawarta utawa kabar iku beda karo kasunyatane.(artinya; kabar atau berita yang diterima berbeda dengan kenyataan sebenarnya).
  51. "Welas tanpa lalis", tegese karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan.(artinya; niat menolong berderma tetapi malah jadi sengsara/ rugi sendiri).
  52. "Wiwit kuncung nganti gelung", tegese wiwit bucah nganti tuwo.(artinya; mulai muda sampai tua).
  53. "Yitna yuwana lena kena", tegese wong sing ngatia-ati bakal slamet, nanging wong sing sembrana bakal nemu cilaka.(artinya; orang yang berhati-hati pasti selamat, dan orang yang ceroboh akan celaka).

2. Pepatah Jawa Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge (terjemahan; Bebasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna kiasan dan mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan tersebut yaitu sifat, watak, maupun keadaan seseorang).

Secara umum bebasan merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Bebasan menggunakan bahasa jawa yang disampaikan menggunakan pengandaian berupa sifat, watak, maupun keadaan seseorang. Kata-kata atau gaya bahasan dalam bebasan berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Bebasan Jawa dan artinya;

  1. "Abang-abang lambe", tegese guneme mung kanggo lamis-lamis.(artinya; berbicaranya hanya berbasa-basi).
  2. "Adol lenga keri busike", tegese wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman.(artinya; orang yang membagi-bagikan barang tetapi dia sendiri malah tidak kebagian).
  3. "Ana bapang sumimpang", tegese nyingkiri sekabehing bebaya.(artinya; menghindari semua hal yang berbahaya).
  4. "Ana begjane ora ana daulate", tegese arep nemu begjane nanging wurung.(artinya; mau mandapatkan keuntungan tetapi belum atau hampir mendapatkan keuntungan/ hal yang diinginkan).
  5. "Anirna patra", tegese nyingkiri tulisane dhewe sing ora becik.(artinya; menghindari tulisannya sendiri yang tidak baik).
  6. "Angin silem ing warih", tegese tumindak ala kanthi sesindheman.(artinya; bertindak buruk/ berbuat buruk secara diam-diam).
  7. "Aji godhong jati garing", tegese wong kang asor banget, ora ana ajine.(artinya; orang yang rendah/ buruk sekali tidak berhargadiri sama sekali).
  8. "Ancik-ancik pucuking eri", tegese wong kang uripe kang tansah ngandhut kuwatir.(artinya; orang yang hidupnya penuh dengan marabahaya/ kekhawatiran).
  9. "Anggenthong umos", tegese wong kang ora bisa nyimpen wadi.(artinya; orang yang tidak bisa menyimpan rahasia).
  10. "Asor kilang nunggwing gelas", tegese wong guneme manis tur marak ati, lan bisa mranani sing krungu.(artinya; orang yang tutur katanya manis sehingga membuat siapapun yang mendengarkan tertarik/ terpikat dengan tutur katanya).
  11. "Arep jamure emoh watangane", tegese gelem kepenake ora gelem rekasane.(artinya; mau enaknya tidak mau susahnya).
  12. "Bapak kesulah anak molah", tegese yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab.(artinya; jika orang tua mendapat masalah, anak juga akan ikut merasakan dan ikut bertanggungjawab).
  13. "Barung (Mbarung) sinang", tegese nyela-nyela wong guneman.(artinya; memotong pembicaraan orang/ menyela-nyela obrolan orang).
  14. "Dalithuk kukum", tegese mbudidaya ucul saka ing hukum utawa angger-angger.(artinya; berusaha lari dari hukuman).
  15. "Beguguk (Mbeguguk) ngutha waton", tegese mbangkang marang perentah.(artinya; membangkang perintah).
  16. "Beras wutah arang mulih marang takere", tegese samubarang kang wis owah saka asale langka bisane pulih kaya maune.(artinya; susuatu yang sudah berubah dari asal mulanya mustahil bisa pulih seperti sedia kala).
  17. "Buru uceng kelangan deleg", tegese ngupaya barang sepele, lan ngorbanake barang gedhe kang wus kecekel ing tangan.(artinya; berusaha mengejar sesuatu yang kecil tetapi malah mengorbankan sesuatu yang besar yang sudah dimiliki).
  18. "Diwenehi ati ngrogoh rempela", tegese diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh.(artinya; sudah diberi yang enak tetapi masih kurang puas dan meminta yang lebih enak lagi).
  19. "Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk", tegese barang kang banget ditrisnani.(artinya; sesuatu yang sangat dicintai).
  20. "Dikena iwake aja nganti buthek banyune", tegese wong kang panjangkane kaleksanan, nanging ora gawe gendra utawa ribut.(artinya; menginginkan sesuatu agar tercapai jangan sampai membuat masalah atau keributan).
  21. "Dudu berase ditempurake", tegese nyambungi gunem, nanging ora cundhuk karo sing dirembug.(artinya; ikut nyambung pembicaraan orang tetapi tidak sesuai dengan yang dibahas).
  22. "Durung ilang pupuk lempuyane", tegese isih enom banget.(artinya; masih terlalu muda).
  23. "Emban cindhe emban siladan", tegese pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine.(artinya; pilih kasih atau tidak adil antara satu dengan yang lainnya).
  24. "Esuk dhele sore tempe", tegese gampang molah-malih atine, ora teteg.(artinya; gampang berubah pikiran, tidak konsisten).
  25. "Genteni watang putung", tegese nglungsur kalungguhane wong kang wis mati.(artinya; mewarisi jabatan orang yang sudah meninggal).
  26. "Gawe luwangan ngurugi luwangan", tegese wong kang golek utang kanggo nyarutang.(artinya; orang yang meminjam uang untuk menutup utang).
  27. "Geguyon dadi tangisan", tegese gegojegan, wusanane gawe susah.(artinya; hanya bercanda tetapi malah membuat susah).
  28. "Gemblung jinurung, edan kuwarisan", tegese tumindak nekat, nanging malah nemu kabegjan.(artinya; berbuat nekat tetapi malah beruntung).
  29. "Gendhon rukon", tegese tumindak bebarengan amrih padha kepenake.(artinya; melakukan tindakan bersama-sama demi kebaikan bersama).
  30. "Golek-golek ketanggor wong luru-luru", tegese arep tumindak ala, wusanane kepergok wong kang uga tumindak ala.(artinya; mau berbuat jahat, kemudian bertemu dengan orang yang berbuat jahat pula).
  31. "Gondhelan poncoting tapih", tegese nggantungake uripe marang bojo.(artinya; menggantungkan hidup pada istri).
  32. "Gotong mayit", tegese lelungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani.(artinya; bepergian hanya bertiga melewati tempat yang angker/ berbahaya).
  33. "Gupak pulut ora mangan nangkane", tegese melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake.(artinya; ikut berjuang/ ikut merasakan susahnya namun tidak menikmati hasilnya).
  34. "Njagakake endhoge si blorok", tegese njagakake barang kang durung mesthi anane.(artinya; berharap sesuatu yang belum pasti).
  35. "Nyundhang bathang bantheng", tegese njunjung keturunane wong luhur kang wis apes.(artinya; menjunjung keturunan orang yang luhur yang sedang apes).
  36. "Kadang konang", tegese wong sing ngaku sedulur mung karo sing sugih.(artinya; mengaku-ngaku saudara jika kaya dan banyak harta).
  37. "Ketepang ngrangsang gunung", tegese wong cilik nduwe gegayuhan kang tangeh lamun kelakon.(artinya; orang miskin yang memiliki cita-cita yang mustahil tercapai).
  38. "Kaya banyu karo lenga", tegese wong paseduluran kang ora bisa rukun.(artinya; hubungan persaudaraan yang tidak bisa hidup rukun).
  39. "Kakehan gludhug kurang udan", tegese wong kang kakehan omong nanging ora ana nyatane.(artinya; orang yang banyak bicara tetapi kenyataannya kosong/ hanya omong kosong).
  40. "Kebak luber kocak kacik", tegese wong kang owah pikirane amarga kakehan ngelmu.(artinya; orang yang mengalami gangguan jiwa karena kebanyakan ilmu).
  41. "Kebanjiran segara madu", tegese wong kang oleh kabegjan kang gedhe matumpa-tumpa.(artinya; orang yang mendapatkan keberuntungan besar bertubi-tubi).
  42. "Kegedhen empyak kurang cagak", tegese wong kang kegedhen panjangka kurang sarana.(artinya; orang yang berkeinginan tinggi tetapi tidak memiliki sarana pendukung).
  43. "Kejugrugan gunung menyan", tegese wong kang oleh kabegjan kang gedhe banget.(artinya; orang yang memperoleh keberuntungan besar sekali).
  44. "Kekudhung walulang macan", tegese wong kang tumindak kanthi aling-aling wong kang duwe panguwasa.(artinya; orang yang berlindung dibalik orang yang disegani/ penguasa ).
  45. "Kerot tanpa untu", tegese wong kang duwe kekarepan ananging ora duwe sarana.(artinya; orang yang memiliki keinginan tetapi tidak memiliki sarana).
  46. "Karubuhan gunung", tegese wong kang nandhang kasusahan gedhe.(artinya; orang yang sedang mengalami masalah besar).
  47. "Kocak tandha lokak", tegese wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe.(artinya; orang yang banyak bicara biasanya sedikit ilmu).
  48. "Kongsi jambul wanen", tegese wong kang sesambungan utawa paseduluran nganti tuwa.(artinya; ikatan persaudaraan yang berlangsung sampai tua).
  49. "Madu balung tanpa isi", tegese rebutan barang sepele ora ana gunane.(artinya; berebut hal sepele yang tidak ada manfaatnya).
  50. "Mbalung usus", tegese wong kang nduweni kekarepan kang kendho kenceng.(artinya; orang yang mempunyai kemauan tidak pasti/ kadang kuat, kadang lemah).
  51. "Mbrojol selaning garu", tegese wong kang uwal saka bebaya kang nemahi.(artinya; orang yang berhasil lepas dari bahaya/ musibah yang menimpa).
  52. "Ngasalake negara", tegese wong kang ora manut tatanan.(artinya; orang yang tidak menuruti peraturan).
  53. "Ngangsu banyu nganggo kranjang", tegese wong kang golek ngelmu nanging ilmune ora dimanfaatake, wong golek ngelmu tapi saranane ora pas.(artinya; orang yang mencari ilmu tetapi ilmunya tidak dimanfaatkan atau orang yang mencari ilmu dengan sarana yang tidak tepat).
  54. "Nglungguhi klasa gumelar", tegese wong kang nampa warisan mung kari nemu kepenake.(artinya; orang yang menerima warisan dan tinggal menerima enaknya saja).
  55. "Ngubak-ubak banyu bening", tegese gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem.(artinya; membuat kerusuhan di tempat yang aman dan damai).
  56. "Nguthik-uthik macan dhedhe", tegese wong kang njarak gawe nesune wong gedhe kang wis lilih nesune.(artinya; orang yang membuat marah orang terpandang yang sudah mulai reda dari kamarahan).
  57. "Ngguthuk/nuthuk elor kena kidul", tegese wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya.(artinya; orang yang melakukan sesuatu kepada seseorang tetapi yang terkena adalah orang lain).
  58. "Nguyahi segara", tegese wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane.(artinya; orang yang memberi sesuatu kepada orang yang sudah kaya, sehingga pemberiannya tidak berguna).
  59. "Nututi layangan pedhot", tegese wong kang ngupaya baline barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane.(artinya; orang yang berusaha mencari barang yang sepele, jika tercapai tidak sepadan dengan usahanya).
  60. "Nyangoni kawula minggat", tegese wong kang ndandani barang kang gampang rusak.(artinya; orang yang memperbaiki barang yang mudah rusak).
  61. "Nyugokake bugel kayu sempu", tegese wong kang njagokake wong bodho dadi pemimpin amarga isih sedulure dhewe.(artinya; orang yang menjagokan orang bodoh menjadi pemimpin karena masih saudara sendiri).
  62. "Othak-athik didudut angel", tegese wong kang omongane sajak kepenak jebul angel leladenane.(artinya; orang yang cara berbicaranya terlihat enak didengar, tapi ternyata susah diatasi/ dilayani).
  63. "Ora uwur ora sembur", tegese ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.(artinya; tidak mau ikut memberi partisipasi apa-apa).
  64. "Pandengan karo srengenge", tegese wong kang memungsuhan karo wong kang duwe panguwasa.(artinya; orang yang bermusuhan dengan orang yang mempunyai kekuasaan).
  65. "Ramban-ramban tanggung", tegese wong kang ndakwa marang wong, nanging ora diceplosake.(artinya; orang yang mendakwa kepada seseorang tetapi tidak disampaikan/ diutarakan).
  66. "Rindhik asu ginitik", tegese wong nindakake pagawean kang cocok karo kekarepane.(artinya; orang yang melakukan pekerjaan yang sesuai dengan keinginannya).
  67. "Rubuh-rubuh gedhang", tegese wong kang mung melu-melu, ora ngerti tujuane.(artinya; orang yang hanya ikut-ikutan, sebenarnya tidak tau tujuannya).
  68. "Sandhing kebo gupak", tegese wong kang cedhak karo wong ala, wusanane melu ketularan ala.(artinya; orang yang dekat dengan orang-orang jahat yang pada akhirnya tertular jahat).
  69. "Sandhing kirik gudhigen", tegese wong kang cedhak karo wong ala kelakuwane wusanane bakal ketularan tumindake sing ala mau.(artinya; orang yang dekat dengan orang yang buruk kelakuannya pada akhirnya tertular kelakuan buruk tadi).
  70. "Sedhakep angawe-awe", tegese wong kang ninggalake tumindak ala, ananging ing batin isih kepingin nglakoni.(artinya; orang yang meninggalkan perbuatan buruk tetapi dalam hati masing ingin melakukan perbuatan buruk tersebut).
  71. "Suduk gunting tatu loro", tegese wong nindakake pagawean mung sarwa kleru, mula kapitunane luwih saka siji.(artinya; orang yang melakukan pekerjaan yang selalu tidak tepat/serba salah, sehingga memiliki banyak kesalahan).
  72. "Wis kebak sundukane", tegese wong kang wis akeh banget dosane utawa kaluputane.(artinya; orang yang sudah memiliki banyak dosa dan kesalahan).

3. Pepatah Jawa Saloka

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing ngemu surasa pepindhan iku wonge, lan iso anggo pepindhan kewan utawa barang. (terjemahan; Saloka (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya dan memiliki makna pengandaian, dimana yang diandaikan tersebut adalah orang, dan dapat menggunakan pengandaian binatang maupun barang). Lumrahe tembung kang isi pepindhaning wong mau, dumunung ana ngarep ukara utawa kawiwitane ukara.

Secara umum saloka merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Saloka menggunakan bahasa jawa yang disampaikan menggunakan pengandaian orang, binatang, maupun barang. Kata-kata atau gaya bahasan dalam saloka juga berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Saloka atau Pepatah Jawa dan artinya;

  1. "Asu belang kalung wang", tegese wong ala utawa wong asor nanging sugih.(artinya; orang jelek, rendah, atau jahat tetapi kaya).
  2. "Asu gedhe menang kerahe", tegese wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe panguasane biasane menang perkarane.(artinya; orang yang lebih tinggi derajat pangkatnya biasanya menang permasalahannya).
  3. "Ati bengkong oleh oncong", tegese wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki oleh dalane.(artinya; orang yang punya niat buruk/ jahat ada yang mendukung dan mendapat jalan).
  4. "Baladewa ilang gapite", tegese wong kang ilang kekuwatane.(artinya; orang yang kehilangan kekuatannya).
  5. "Bathok bolu isi madu", tegese wong asor nanging sugih kapinteran.(artinya; orang rendahan tetapi kaya pengetahuan).
  6. "Bebek mungsuh mliwis", tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine kalah ulet lan trampil.(artinya; orang pandai bermusuhan dengan orang pandai tetapi yang satu kalah tekun dan terampil).
  7. "Belo melu seton", tegese wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane.(artinya;orang yang ikut-ikutan tetapi tidak tau maksud dan tujuannya).
  8. "Beras wutah arang bali marang takere", tegese barang yen wis rusak angel pulih kaya maune.(artinya; susuatu yang sudah berubah dari asal mulanya mustahil bisa pulih seperti sedia kala).
  9. "Cebol nggayuh lintang", tegese wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun kelakon.(artinya; orang miskin yang mempunyai keinginan yang mustahil tercapai).
  10. "Cecak nguntal empya/cagak", tegese gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.(artinya; keinginan/ cita-cita yang tidak sesuai dengan kemampuannya).
  11. "Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang", tegese ala diunekake apik, apik diunekake ala.(artinya; buruk dikatakan baik dan baik dikatakan buruk).
  12. "Dhemit ora ndulit, setan ora doyan", tegese wong kang tansah diparingi keslametan ora ana sing nggodha.(artinya; orang yang selalu diberi keselamatan serta tidak ada yang mengganggu).
  13. "Dom sumurup ing banyu", tegese wong kang lakune sesindheman kanggo nyumurupi wewadi.(artinya; melakukan sesuatu secara diam-diam untuk menutupi keburukan).
  14. "Emprit abuntut bedhug", tegese prekara sepele dadi gedhe ngambra-ambra.(artinya; permasalahan kecil menjadi besar menjadi-jadi).
  15. "Endhas gundhul dikepeti", tegese wong wis kepenak dienak-enakake maneh.(artinya; orang yang sudah enak ditambah enak lagi).
  16. "Gagak nganggo elaring merak", tegese wong cilik tumindak kaya wong gedhe/luhur.(artinya; orang miskin yang bertindak seperti orang besar/ luhur).
  17. "Gajah alingan suket teki", tegese lahir lan batine ora padha bakal ketara.(artinya; sifat/ kelakuan lahir  maupun batin biarpun tidak kelihatan pasti akan terlihat).
  18. "Gajah ngidak rapah", tegese wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe.(artinya; orang besar yang melanggar aturannya sendiri).
  19. "Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah", tegese wong gedhe pasulayan karo wong gedhe wong cilik sing dadi korbane.(artinya; orang  yang berkedudukan saling bertengkar rakyat kecil yang menjadi korban).
  20. "Gong lumaku tinabuh", tegese wong kang tansah kumudu-kudu ditakoni, utawa dijaluki piwulang.(artinya; orang yang selalu dimintai petuah atau dimintai ilmu pengetahuan).
  21. "Idu didilat maneh", tegese wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake janji kang wis diucapake.(artinya; orang yang sudah memberi kemudian meminta kembali pemberiannya atau membatalkan janji yang diucapkan).
  22. "Iwak klebu ing wuwu", tegese wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu bebaya.(artinya; orang yang mudah dibohongi).
  23. "Jati ketlusuban ruyung", tegese kumpulane wong becik, klebon wong kang ala watake.(artinya; kumpulan orang-orang baik yang kemasukan orang yang buruk sifatnya).
  24. "Jaran kerubuhan empyak", tegese wong kang wis kapok banget ora bakal mbaleni maneh.(artinya; orang yang sudah kapok dan tidak akan mengulangi lagi).
  25. "Kacang mangsa ninggala lanjaran", tegese pakulinane anak biasane niru tumindake wong tuwane.(artinya; kebiasaan anak biasanya meniru perbuatan orang tua).
  26. "Kebo bule mati setra", tegese wong pinter, nanging kapinterane ora ana kang merlokake kapinterane amarga ing tengahing pategalan.(artinya; orang pandai tapi kepandaiannya tidak ada yang membutuhkan karena berada di tempat yang tidak semestinya).
  27. "Kebo ilang tombok kandhang", tegese wong wis kelangan isih mbutuhake wragat kanggo nggoleki barang sing ilang mau.(artinya; orang yang sudah kehilangan tapi masih membutuhkan biaya untuk mencari barang yang hilang tadi).
  28. "Kebo mulih ing kandhange", tegese wong lungan adoh wis suwe, bali maneh ing omahe asale maneh.(artinya; orang yang sudah pergi lama dan kembali lagi ke asalnya).
  29. "Kebo kabotan sungu", tegese wong panguripane rekasa marga kakehan anak.(artinya; orang yang kehidupannya susah/ menderita karena kebanyakan anak).
  30. "Kebo nusu gudel", tegese wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.(artinya; orang tua yang meminta bantuan kepada pemuda).
  31. "Kemladheyan ngajak sempal", tegese wong mondhok ngajak rusak.(artinya; pendatang yang mengajak berbuat onar/ keburukan).
  32. "Kere munggah bale", tegese wong asor diangkat dadi wong gedhe/dipek bojo karo wong gedhe.(artinya; orang miskin yang diangkat jadi orang berkedudukan/ dijadikan istri/suami orang yang berkedudukan/ orang besar).
  33. "Kethek serangon", tegese wong sagrombolan sing tumindak ala.(artinya; segerombolan  orang yang berbuat kejahatan).
  34. "Klenthing wadhah masin", tegese wong kang angel ninggalake pakulinan sing ora becik.(artinya; orang yang berat meninggalkan kebiasaan buruk).
  35. "Kriwikan-dadi grojogan", tegese prekara cilik dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra.(artinya; permasalahan kecil menjadi besar dan menjadi-jadi).
  36. "Kutuk marani sunduk", tegese wong kang njarak marang bebaya.(artinya; orang yang bermain-main dengan bahaya).
  37. "Lahang karoban manis", tegese wong rupane bagus utawa wong rupane ayu tur ya apik bebudene.(artinya; orang yang wajahnya cantik atau ganteng serta berbudi pekerti luhur).
  38. "Lambe satumang keri samerang", tegese wong dituturi bola-bali tetep dheweke ora nggugu.(artinya; orang yang diberitahu berkali-kali tetap saja tidak percaya).
  39. "Legan golek momongan", tegese wong kepenak malah golek rekasa.(artinya; orang yang sudah enak hidupnya tetapi malah mecari kesulitan).
  40. "Opor bebek mentas awake dhewek", tegese wong kang ngrampungi saka rekadayane dhewe.(artinya; orang yang menyelesaikan permasalahan karena usahanya sendiri).
  41. "Palang mangan tanduran", tegese wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang sing dijaga.(artinya; orang dipercayai menjaga sesuatu tetapi malah merusaknya).
  42. "Pecruk tunggu bara", tegese wong dipasrahi tunggu njaga kang dadi kesenengane.(artinya; orang yang diberi kepercayaan menjaga barang/ sesuatu yang disukainya).
  43. "Pitik trondhol diumbaring padaringan", tegese wong ala kang dipasrahi njaga barang kekaremane, wekasane malah ngentek-entekake.(artinya; orang jahat yang diberi kepercayaan menjaga barang yang disukainya akhirnya malah merusak dan merugikan).
  44. "Satru munggwing cangklakan", tegese mungsuh wong sing sejatine isih sanak sedulure dhewe.(artinya; memusuhi orang yang sebenarnya masih sanak saudaranya sendiri).
  45. "Sumur lumaku tinimba", tegese wong sing kumudu-kudu ditakoni.(artinya; orang yang harus dimintai pertanyaan).
  46. "Tekek mati ulune", tegese wong nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.(artinya; orang yang celaka karena omongannya sendiri).
  47. "Tumbu oleh tutup", tegese wong wis cocok karo karepe.(artinya; orang yang sudah cocok dengan keinginannya).
  48. "Timun mungsuh duren", tegese wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.(artinya; orang miskin yang bermusuhan dengan orang yang berkuasa).
  49. "Timun wungkuk jaga imbuh", tegese wong bodho ala pisan kanggone mung yen kekurangan wae.(artinya; orang bodoh lagi jelek dipakai hanya untuk menutup kekurangan saja).
  50. "Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati", tegese turunane wong cilik dadi akeh, dene turunane wong apik malah dadi entek utawa mati cures.(artinya; keturunannya orang kecil/ buruk menjadi banyak, sedangkan keturunan orang baik malah habis).
  51. "Yuyu rumpung mbarong ronge", tegese omahe magrong-magrong, nanging sajatine kekurangan.(artinya; rumahnya besar tetapi sebenarnya orang yang miskin).
Baca juga:

Demikian ulasan tentang "Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya" yang dapat kami sampaikan. Baca juga artikel seni sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

19 komentar untuk "Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya"

  1. never stop keep breaking out still working all time~

    BalasHapus
  2. terimakasih, sangat membantu untuk materi belajar anak-anak.

    BalasHapus
  3. Alhamdulilah, terimakasih ya, ini sangat membantu
    Lengkap banget...
    Good and Thanks

    BalasHapus
  4. Thanks telah membantu 🙏🏻

    BalasHapus
  5. terima kasih, besok saya PTS doakan saya hapal

    BalasHapus
  6. Matur nuwun wewarah lan pituturipun. Salam Rahayu

    BalasHapus
  7. Terima kasih
    Sangat membantu : )

    BalasHapus

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.