Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembung Pepindhan Jawa, Contoh dan Artinya

Pepindhan adalah kalimat pengandaian atau perumpamaan dalam bahasa Jawa yang biasanya menggunakan kata dalam bahasa Jawa "kaya, kadi, kados, lir, pendah, yayah kadya", dan lain-lain. Pepindhan bisa juga dipakai sebagai kalimat panyandra dan cangkriman yang digunakan untuk mengandaikan keadaan manusia, wujud barang, ataupun yang lainnya. Pembahasan tentang tembung pepindhan secara lengkapnya silahkan simak ulasan berikut ini.

tembung-pepindhan

Pepindhan

Pepindhan yaiku tetembungan sing ngemu surasa pepindhan, irib-iriban. Mulane biyasane diwiwiti nganggo tembung-tembung pindha, lir, kaya. Pepindhan asale saka tembung pindha kang tegese kaya, lir, pendah, kadya, kadi, lan sapanunggalane. (Terjemahan; Pepindhan yaitu kata-kata yang mengandung makna pengandaian, perumpamaan. Maka dari itu pepindhan biasanya dimulai dengan kata-kata andai, bagai, seperti. Pepindhan berasal dari kata pindha yang artinya kaya, lir, pendah, kadya, kadi, dan sebagainya.)

Tembung pepindhan uga diarani unen-unen kang ora ngemu suroso sejatine. Mulane pepindhan nganggo tembung; kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane. Yen ing bahasa Indonesia diarani kalimat pengandaian nggunakake tembung ibarat, umpama, lan sapanunggalane. Pepindhan asring digunakake kanggo pacelaton padinan, lan panyondro sajroning babagan sing wigati. (Terjemahan; Tembung pepindhan juga disebut kata-kata yang tidak mengandung makna sebenarnya. Maka dari itu pepindhan menggunakan kata; kaya, lir, kadya, pindha, dan lain sebagainya. Jika di dalam bahasa Indonesia disebut dengan kalimat pengandaian menggunakan kata ibarat, umpama dan lain sebagainya. Pepidhan sering dipakai dalam percakapan sehari-hari, dan kalimat pengandaian dalam mengisi event yang resmi.)

Tembung pepindhan kanggo pacelaton padinan lan babagan lia liane biasane digunakake kanggo panyandra kahanan opo wae kang ditemoni, tuladhane kaya panyandra kanggo putri kang sulistya, panyandra kanggo priya kang bagus, panyandra kanggo kahanan wadyabala, panyandra kanggo wong nesu, pepindhan kanggo panyandra perangan awak, lan laya liyane. (Terjemahan; Tembung pepindhan dalam percakapan sehari-hari dan hal-hal lainnya biasanya digunakan untuk menggambarkan keadaan apa saja yang ditemui, contohnya seperti pada saat menggambarkan keadaan putri yang cantik, menggambarkan keadaan laki-laki yang ganteng, menggambarkan keadaan teman-temannya, menggambarkan keadaan orang yang sedang marah, pepindhan untuk menggambarkan keadaan bagian tubuh dan lain-lain.)

Berikut ini beberapa contoh tembung pepindhan dalam bahasa Jawa yang sering digunakan dalam percakapan sehari-hari. Tembung pepindhan dari abjad A sampai Z kami ulas dalam pembahasan kami berikut ini. Berikut ini tuladha pepindhan yang dapat kalian jadikan referensi dalam mempelajari pepindhan bahasa jawa beserta artinya secara lengkap.

Contoh Tembung Panyandra lan Pepindhan;

A
Abange, kaya godhong katirah.
Abang kumpul padha abang, kaya alas kobong.
Abote, kaya watu.
Adheme, kaya es.
Agunge, kaya samodra rob.
Akehe pepati, kaya babadan pacing.
Akehe pepati, kaya sulung lumebu geni.
Akehe lelara, kaya kena pagebluk.
Ali-aline, gunung sapikul.
Aluse, kaya sutra arab.
Antenge, kaya temanten ditemokake.
Antepe, kaya wesi.
Anyepe, kaya debog.
Asine, kaya uyah.
Atose, kaya wesi.
Ayune, kaya dewi ratih.

B
Baguse, kaya Bathara Kamajaya.
Bangone awangun, kaya gedhang salirang.
Bantere, kaya angin liwat.
Bebadane, kaya ngadhal melet.
Bedane, kaya bumi karo langit.
Begjane, kaya nemu mas sakebo.
Begjane, kaya nemu cempaka sawakul.
Brengose, nglaler mencok.
Brengose, nguler keket.
Bungahe, kaya ketiban daru.

C
Cahyane bingar, kaya lintang johar.
Cahyane nglentrih, kaya rembulan karahinan.
Cep klakep, kaya orong-orong kepidak.
Cethile, kaya cina craki.
Cumlorot, kaya lintang alihan.
Cumlorot, kaya ndaru.

D
Dalane, kaya nggeger sapi.
Dalane, kaya mbathok mengkureb.
Dawane barisan, kaya sela brakithi.
Dedege, kaya ngringin sungsang.
Dhuwure, kaya othak-othik mega
Domblong, kaya sapi ompong.
Dondomane, kaya tutus kranjang.

E
Empuke, kaya gudir.
Enthenge, kaya kapuk.

G
Gagah prakoso, kaya Raden Werkudara.
Galake, kaya macan manak.
Galake, kaya buta luwe.
Gampang, kaya empol pinecok.
Gelungane, kaya ngadhal menek.
Gelungane, kaya minangkara.
Gelise, kaya banyu mili.
Gelise, kaya banyu sinaring.
Ghendhewane, awangun kadhal meteng.
Gereng-gereng, kaya singa antuk bayangan.

I
Ijo kumpul padha ijo, kaya bethet sayuta.
Ireng kumpul padha ireng, kaya gagak areraton.
Ireng kumpul padha ireng, kaya dhandhang areraton.

J
Janggute, kaya tawon gumantung.
Janggute, pindha tawon gumantung.
Jogede, kaya merak kasimpar.
Jogede, pindha merak kasimpar.
Jogede, mucang kanginan.

K
Kagete, kaya tinubruk ing wong lepat.
Kaku, kaya kena nggo pikulan.
Kekejere, kaya manuk branjangan.
Kenese, kaya Dewi Srikandi.
Kesete, kaya kadhal.
Kepingine, kaya nyidham cempaluk.
Klular-klulur, kaya tuma kathok.
Kopat-kapit, kaya buntut ula tapak angin.
Kuninge, kaya emas sinangling
Kuning kumpul padha kuning, kaya podhang reraton.

L
Lakune nusup-nusup, kaya ayam alas.
Lakune nusup-nusup, pindha ayam alas.
Landhepe, pindha pepes pitung pinyukur.
Lelewane, pindha milangoni.
Lir sato, mungging rimbangan.
Luruhe, pindha Dewi Sembadra.

M
Mendhak-mendhak, kaya sato memeti.
Mendhak-mendhak, kaya dhere memeti.
Mendhak-mendhak, kaya babon memeti.
Mider-mider, kaya undur-undur.
Miling miling, kaya jangkung.
Mlakune-mundur, kaya mungkur gangsir.
Mlakune, ndodhok mencolok.

N
Nangise, ndrenginging kaya rase kewaregen.
Nangise ngorong, kaya orong-orong muni.
Nuturi wong pinter, prasasat ngajari bebek nglangi.
Nyengite, kaya dhemit mecicil.

O
Olehe kabegjan, kaya nemu emas saloka.
Omahe awangun, glathik mungup.
Omahe awangun, gedhang salirang.
Omahe awangun, klabang nyander.

P
Padhang jingglang, kaya rina.
Padha pleg, pindha jambe sinigar.
Panase sumelet, kaya mecah-mecahna sirah.
Penggalihe padha-padha, pindha suruh lumah lan kurepe, yen dinulu seje rupane, yen ginigit padha rasane.
Parine ijo, gumadhung.
Parine isi, ngemping.
Parine ijo, nedheng-nedhengi gumadhung.
Peteng ndhedhet, ndumuk irung.
Pintere, kaya bisa njara langit.
Pintere, kaya bisa nyancang angin.
Pipane rokok, kaya menyu.
Pipine, kaya tomat mateng.
Polahe, kaya ngaru napung.
Polahe, kaya kuthuk kelangan babon.
Polahe, kaya gabah den interi.
Polatane mbranyak, kaya Raden Kakrasana/Samba.
Putih kumpul padha putih, kaya kuntul neba.
Putih memplak, kaya kapuk diwusoni.

R
Rakete, kaya sadulur sinara wedi.
Ramene, lir prahara nempuh wukir.
Ramene, surak mbata rubuh.
Rikate, kaya mlayune angin.
Rukune, kaya mimi lan mintuna.
Ruruhe, (wong lanang) kaya Raden Janaka.
Ruruhe, (wong wadon) kaya Dewi Sembadra.
Rupane, kembar pindha Jambe Sinigar.

S
Salake, medhi (masir).
Sambate, kaya nggrantang.
Sambate, kaya ngaru ara.
Senenge, kaya bubuk oleh leng.
Sentosa banget, kaya janget kinatelon.
Sowane mendhak-mendhak, kaya sata manggih krama.
Suguhane, mbanyu mili.
Sumbare, kaya bisa mutung wesi ligen.
Sumbare, kaya wani ndilat wesi abang panas.
Suweke, kaya nyangkem kodhok.
Swarane, kaya gelap ing mangsa kapat.
Swarane, kaya mbelah-mbelahna bumi.

T
Tandange cukat, kaya kilat, kesit kadya thathit.
Tandange, kaya bantheng ketaton.
Tandange, kaya jangkrik mambu kili.
Tandange, kaya sikatan nyamber walang.
Tapa ngalong; tapa ngidang; nyatuka.
Tekade, kaya geni lan urupe.
Tekade, kaya madu lan manise.
Tepunge kalis (kekancane), kaya banyu karo lenga.
Thingak-tinguk, kaya kethek ditulup.
Tindake, nusup ngayam alas.
Tulisane, awangun ketumbar (aksara jawa).
Tulisane, mbata sarimbang (aksara jawa).
Tulisane, ngeri (aksara jawa)

U
Ulese, ngembang asem (kucing).
Ulese, ngembang duren (jaran).
Untabe, kaya samodra rob.
Utange, nyundhul empyak
Utange, akeh wulu kucing

W
Wangsulane, kaya saur manuk.
Wangune, kaya dara gepak.
Wiragane, nenangi brata.
Wrangkane, gayaman.

Baca juga;
Rura Basa Bahasa Jawa beserta Contohnya
Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya
Tembung Yogyaswara dalam Bahasa Jawa dan Artinya

Demikian ulasan tentang "Tembung Pepindhan Jawa, Contoh dan Artinya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

3 komentar untuk "Tembung Pepindhan Jawa, Contoh dan Artinya"

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.