Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

14 Tembang Pangkur dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap

Tembang Pangkur berasal dari kata "mungkur" dalam bahasa Jawa yang berarti pergi atau bertolak. Tembang pangkur memiliki filosofi gambaran kehidupan pada masa tua yang sudah seharusnya meninggalkan kehidupan gelap, kotor, dan penuh dengan hawa nafsu yang sifatnya buruk.

Tembang pangkur memberikan gambaran bahwa seseorang yang sudah berumur hendaknya bersiap meningalkan hal-hal yang bersifat keduniawian dan dapat lebih mendekatkan diri kepada yang maha kuasa. Pada masa ini seharusnya nafsu dan keinginan duniawi seseorang sudah mulai mengendap, sehingga tidak hanya memikirkan kesenangan saja.

Tembang pangkur memiliki watak gagah, kuat, perkasa dan hati yang besar. Biasanya tembang pangkur digunakan untuk mengungkapkan kisah kepahlawanan, perjuangan dan peperangan.

Aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan Tembang Pangkur yaitu: 8a, 11i, 8u, 7a, 8i, 5a,7i
Artinya:
a. (Guru gatra = 7) Pangkur memiliki 7 larik atau baris kalimat.
b. (Guru wilangan = 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8) Kalimat pertama berjumlah 8 suku kata, dan seterusnya hingga kalimat ke tujuh sesuai urutan memiliki jumlah suku kata tersebut diatas.
c. (Guru lagu = a, i, u, a, u, a, i) Akhir suku kata setiap kalimatnya bervokal a, i, u, a, u, a, i.

Berikut ini adalah 14 syair Tembang Pangkur dalam Serat Wedhatama.

1) Mingkar mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah Jawa,
agama ageming aji.

2) Jinejer neng Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah samun,
samangsane pakumpulan,
gonyak-ganyik nglilingsemi.

3) Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo paparah lamung angling,
lumuh ingaran balilu,
uger guru aleman,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
sinamun ing samudana,
sesadon ingadu manis.

4) Si pengung ora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendhukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang si pingging.

5) Mangkono ngelmu kang nyata,
sanyatane mung weh reseping ati,
bungah ingaran cubluk,
sukeng tyas yen den ina,
Nora kaya si punggu anggung gumunggung,
agungan sadina-dina,
aja mangkono wong urip.

6) Uripe Sapisan rusak,
nora mulur nalare ting saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.

7) Kikisane mung sapala,
palayune ngendelken yayah-wibi,
bangkit tur bangsaning luhur,
lah iya ingkang rama,
balik sira sasrawungan bae durung,
mring atining tata krama,
ngon-anggo agama suci.

8) Socaning jiwangganira,
jer katara lamun pocapan pasthi,
lumuh asor kudu unggul,
sumengah sosongaran,
yen mangkono kena ingaran katungkul,
karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.

9) Kekerane ngelmu karang,
kakarangan saking bangsaning gaib,
iku boreh paminipun,
tan rumasuk ing jasad,
amung aneng sajabaning daging kulup,
yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.

10) Marma ing sabisa-bisa,
babasane muriha tyas basuki,
puruita kang patut,
lan traping angganira,
ana uga angger-ugering keprabun,
abon-aboning panembah,
kang kambah ing siyang ratri.

11) Iku kaki takokena,
marang para sarjana kang martapi,
mring tapaking tepa tulus,
kawawa naheb hawa,
wruhanira mungguh sanyataning ngelmu,
tan mesthi neng janma wredha,
tuwin muda sudra kaki.

12) Sapa ntuk wahyuning Allah,
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bangkit mikat reh mangukut,
kukutaning jiwangga,
yen mangkono kena sinebut wong sepuh,
liring sepuh sepi hawa,
awas roroning atunggal.

13) Tan samar pamoring sukma,
sinukmanya winahya ing ngasepi,
sinimpen telenging kalbu,
pambukaning warana,
tarlen saking liyep layaping ngaluyup,
pindho pesating supena,
sumusiping rasa jati.

14) Sajatine kang mangkana,
wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
bali alaming asuwung,
tan karem karameyan,
ingkang sipat wisesa-winisesa wus,
milih mula-mulanira,
mulane wong anom sami.
           (Serat Wedhatama)

Video Tembang Pangkur MP3


Baca juga:
Kumpulan Tembang Macapat Sesuai Urutan Lengkap Makna dan Contohnya
17 Tembang Asmaradana dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap
19 Tembang Maskumambang Dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap
15 Contoh Tembang Megatruh dan Terjemahannya Secara Lengkap

Posting Komentar untuk "14 Tembang Pangkur dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap"