Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya

Kerata basa adalah mengartikan kata atau tembung jawa melalui suku katanya. Diotak-athik hingga cocok, atau digothak-gathukke menurut arti kalimat yang sesuai. Biasanya orang jawa sangat kreatif dalam menjabarkan arti kata. Misalnya kata "cangkir" kerata basanya "cang; nyancang, dan kir; pikir = nyancang pikir, kata "desember" kerata basanya "de; gede-gedene, dan sember; sumber = gede-gedene sumber, dan lain-lain. Pembahasan lebih lengkap tentang kerata basa ini silahkan simak ulasan berikut ini.

kerata-basa

Kerata Basa

Kerata basa uga diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa yaiku tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Kerata basa uga diarani asal usul tegesing tembung. Karata basa kanggo negesi surasaning tembung wewaton asal utawa mulabukane, lumrahe kapirid saka wewancahan wandane, diothak athik murih mathuke. (terjemahan; Kerata basa juga disebut jarwa dhosok. Kerata artinya membuka atau menjabarkan. Kerata basa artinya kata-kata yang dijabarkan atau dibuka, tetapi menjadi cocok dengan yang dikehendaki. Kerata basa dipakai untuk mengartikan maksud dari kata-kata sesuai dengan asal-usul kata tersebut, sewajarnya diambil dari penjabaran suku kata, diotak-atik hingga cocok/sesuai).

Diarani Jarwa dhosok, amarga jarwa tegese wedharan utara katrangan, dhosok nduweni teges ndhesek maju. Jarwa dhosok bisa diarani keterangan miturut wewancahan tembung kanthi dikira-kira utawa miturut pikirane sing nerangake. (terjemahan; Disebut Jarwa dhosok karena berasal dari kata jarwa yang artinya penjabaran atau keterangan, dhosok berarti mendesak maju. Jarwa dhosok dapat artikan keterangan menurut penjabaran kata dengan dikira-kira atau menurut pikiran orang yang menerangkan).

Contoh Kerata Basa, dan Artinya;

  1. Anak, tegese samubarang kekarepanne, kudu ana Ian sarwa kepenak.
  2. Bapak, tegese bab apa-apa sarwa pepak ngelmune Ian pengalamane.
  3. Batur, tegese embat-embate tutur, nindakake pitutur.
  4. Bocah, tegese mangane kaya kebo, penggawenne ora kena dicacah.
  5. Brekat, tegese ujuk-ujuk mak brak-brek banjur diangkat.
  6. Cangkem, tegese yen ora dicangcang ora mingkem.
  7. Cangkir, tegese nyancang pikir.
  8. Cengkir, tegese kencenging pikir.
  9. Dhalang, tegese ngudhal piwulang.
  10. Denawa, tegese ora ngeden hawa nafsu/ ngumbar nafsu.
  11. Desember, tegese gedhe-gedhene sumber.
  12. Dongeng, tegese dipaido ya keneng.
  13. Garwa, tegese sigare nyawa.
  14. Garbu, tegese yen ora mbegar ora iso mlebu.
  15. Gedhang, tegese digeged le bar madhang.
  16. Gelas, tegese yen tugel angel dielas.
  17. Gerang, tegese segere wis arang-arang.
  18. Guru, tegese digugu lan ditiru.
  19. Gusti, tegese bagusing ati.
  20. Januari, tegese hujan sehari-hari.
  21. Jaka, tegese apa sing diseja kepingin enggal tumeka.
  22. Kaji, tegese tekade mung siji.
  23. Kathok, tegese diangkat rnbaka rnbaka sitok.
  24. Kodhok, tegese teka-teka ndhodhok.
  25. Kutang, tegese sikute diutang.
  26. Krikil, tegese keri ing sikil.
  27. Kuping, tegese kaku tur jepiping.
  28. Kupluk, tegese kaku tur nyempluk.
  29. Kursi, tegese mungkur anggone ngisi.
  30. Ludruk, tegese sikile gedrug-gedrud.
  31. Maling, tegese njupuk amale uwong sing ora eling.
  32. Mantu, tegese dieman-eman meksa met
  33. Maratuwa, tegese mara-mara bareng wis tuwa.
  34. Ngelmu, tegese angele yen durung ketemu.
  35. Nopember, tegese ananing sumber.
  36. Oktober, tegese untub-untubeng sumber.
  37. Pebruari, tegese yen mepe mburu ari.
  38. Piring, tegese sepi yen miring.
  39. Prawan, tegese yen pepara (dolan) ing wayang awan.
  40. Saru, tegese kasar lan keliru.
  41. Sejarah, tegese sejane ngarah.
  42. Sekuter, tegese disambi sedheku mlayu banter.
  43. Sepuh, tegese sabdane ampuh.
  44. Setir, tegese senajan wes singset tetep bisa muntir.
  45. Semah, tegese isen-isene omah.
  46. Sinom, tegese isih enom.
  47. Sirah, tegese isine erah.
  48. Siti, tegese isi bulu bekti.
  49. Sopir, tegese yen ngaso karo mampir.
  50. Sruwal, tegese saru yen nganti uwal.
  51. Sulap, tegese yen kesusu bakal ketilap.
  52. Tandur, tegese anggone nata karo mundur.
  53. Tapa, tegese tatane kaya wong papa.
  54. Tarub, tegese ditata supaya katon murub.
  55. Tayub, tegese ditata ben katon guyub.
  56. Tebu, tegese anteping kalbu.
  57. Tepas, tegese nitip napas.
  58. Tumpeng, tegese tumindak sing lempeng.
  59. Tuwa, tegese ngenteni metune nyawa.
  60. Ukir, tegese ukuraneng pikir.
  61. Wanita, tegese wani yen ditata.
  62. Wedang, tegese ngawe-awe kadang.
  63. Wedhus, tegese wuse ora tau adus.
  64. Weteng, tegese ruwet tur peteng.
Baca juga:

Demikian ulasan tentang "Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

1 komentar untuk "Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya"

  1. Ruji,tegese diwiru siji - siji.
    Garpu,tegese yen gak begar ogak klebu.

    BalasHapus

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.