Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya

Panyandra yaitu kalimat yang menggambarkan keadaan atau perilaku manusia menggunakan pepindhan. Jadi yang lebih diperhatikan dalam panyandra adalah gambaran keadaan atau perilaku/ keadaan manusianya dan bukan pepindhannya. Pepindhan hanya sebagai sarana panyandra. Untuk mengetahui lebih jelas apa itu panyandra, simak ulasan berikut ini.

tembung-panyandra

Panyandra

Panyandra yaiku unen-unen utawa tetembungan saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sing ngemu teges memper utawa mirip. Babagan kang dicandra yaiku babagan kabecikan lan kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane mangsa, kahanane kewan, kahanane solah bawa, lan sapanunggalane. (terjemahan; Panyandra yaitu kata-kata atau kalimat sejenis pengandaian yang diibaratkan menggunakan perbandingan yang mengandung arti seperti atau mirip. Hal-hal yang digambarkan yaitu perihal kabaikan dan keindahan, seperti keadaan manusia, keadaan musim, keadaan hewan, keadaan tingkah laku manusia, dan lain sebagainya.)

Tembung Panyandra ateges tetembungan kang nggambarake kahanan nganggo pepindhan. (terjemahan; Panyandra artinya kata-kata yang menggambarkan keadaan menggunakan pengandaian).

Masyarakat Jawa pada saat melihat suatu hal yang baik atau indah biasanya akan meresponnya dengan menggambaran hal tersebut seolah-olah seperti keadaan yang begitu indah. Dengan kata lain keadaan tersebut akan digambarkan menggunakan pembanding yang lebih baik atau mirip. Dalam bahasa Jawa hal ini disebut dengan tembung panyandra atau kata gambaran. Sebagai contoh, yaitu panyandra awak "drijine mucuk eri", yaitu untuk menggambarkan keadaan jari-jari manusia yang lentik dan indah bagaikan "mucuk eri" atau ujung duri.

Contoh Panyandra Basa Jawa

Contoh panyandra  menurut objek yang digambarkan antara lain sebagai berikut ini.

a. Candrane Awak (Penggambaran Tubuh Manusia)

1) dedege pideksa (ngringin sungsang)
2) kulite kuning nemu giring.
3) rambute ngombak banyu (ngembang bakung).
4) irunge ngudhup mlathi (ngrunggih).
5) alise nanggal sepisan (wulen tumanggal).
6) idepe tumengeng tawang.
7) mripate ndamar kanginan (blalak-blalak).
8) sinome micis wutah.
9) untune miji timun (rata lir ombaking warih).
10) pundhake nraju mas.
11) pipine nduren sajuring (nlesung pipi).
12) lambene nggula sathemlik.
13) bangkekane nawon kemit.
14) pupune ngembang pudhak.
15) lengene nggendhewa pinenthang.
16) godheke ngudhup turi.
17) kempole nyikil walang.
18) drijine mucuk eri.
19) payudarane nyengkir gadhing.

b. Candrane solah bawa (Penggambaran Tingkah Laku)

1) lakune kaya macan luwe.
2) lambeyane kaya merak kasimpir (mblarak sempal).
3) rukune kaya mimi lan mintuna.
4) swarane kaya mbelah-belah bumi.
5) pangamuka kaya bantheng ketaton.
6) polahe wong kaya gabah den interi.
7) lampahe mendheg-mendheg kaya sato manggih krama.
8) bungahe kaya ketiban daru.
9) sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen.
10) tandange cukat trengginas kaya jangkrik mambu kili

c. Candrane wong nesu (Penggambaran Orang Marah)

1) talingan lir sinebit.
2) jaja mengkap bang mawinga-winga.
3) angga mubal dahana.
4) netra andik angatirah.
5) imba tepung lir kupu tarung.
6) idep mangada-ada.
7) waja gathik.
8) kumedhot padoning lathi.

d. Candrane wong nginum

1) eka padma sari.
2) dwi amartani.
3) tri kawula busana.
4) catur wanara rukem.
5) panca sura panggah.
6) sad guna wiweka.
7) saptakukila warsa.
8) hasta sacara-cara.
9) nawa gra lupa
10) dasa yaksa wangke

e. Candrane mangsa (Penggambaran Keadaan Musim)

1) Satya murca ing embanan = candrane mangsa karsa, tegese wiwit wit-witan padha brindhil.
2) Bantala rengka = candrane mangsa karo, tegese lemah-lemah padha nela (mlethek).
3) Suta manut ing bapa = candrane mangsa katelu, tegese wit gembili (gadhung) padha mrambat.
4) Waspa kumembeng jroning kalbu = candrane mangsa kepapat, tegese tuk-tuk padha pipet (bumpet).
5) Pancuran mas sumawur ing jagat = candrane mangsa kalima, tegese wiwit akeh udan.
6) Rasa mulya kasucian = candrane mangsa kanem, tegese ungsum woh-wohan mirasa.
7) Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu, tegese akeh lelara.
8) Ajrah ironing kayun = candrane mangsa kawolu, tegese mangsane kucing gandhik.
9) Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga, tegese mangsane gareng muni, gangsir ngenthir.
10) Gedhong minep ironing kalbu = candrane mangsa kasepuluh, tegese akeh kewan meteng, manuk ngendhog.
11) Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada, tegese mangsa manuk ngloloh.
12) Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta, tegese mangsa bedhidhing utawa adhem.

f. Candrane satriya bagus (Penggambaran Satriya Bagus)

Satriya ing Madukara Raden Janaka (Arjuna) iya Sang Pamadya padha-padha satriya wasis lan waskitha, tata, titi, titis lan trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apapak, bisa manjing ajur-ajer, bisa mrojol ing akerep pratandha satriya gentur tapane, kerep nenepi ing guwa kang sirung. nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng marang pandenge. mring luhuring dhiri datan wigih ing lara, wani marang pati jroning ngaurip.

Baca juga:
Purwakanthi, Kaperang dadi Telu, yaiku;
Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya
Tembung Saroja dan Artinya Secara Lengkap

Demikian ulasan tentang "Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

8 komentar untuk "Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya"

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.