Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Purwakanthi, Kaperang dadi Telu, yaiku;

Kata "Purwakanthi" artinya; mengikuti awalan, atau yang sudah disebutkan sebelumnya. Maksudnya, suara, kata, atau kalimat yang kedua mengikuti suara, kata, atau kalimat sebelumnya. Purwakanthi dalam bahasa Indonesia disebut sajak, rima, atau persamaan bunyi. Purwakanthi bahasa Jawa terdapat tiga macam, yaitu; purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, dan purwakanthi guru basa/ lumaksita. Lebih jelasnya silahkan simak ulasan berikut ini.

Pembahasan Purwakanthi ini kami rangkum dalam bahasa Jawa, agar lebih mudah menjelaskan kosa katanya yang cukup berbeda dengan bahasa Indonesia, sekaligus dapat kalian gunakan sebagai bahan pembelajaran dalam berbahasa Jawa.

Purwakanthi Yaiku

Purwakanthi: runtuting swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara. Swara kang runtut, kadadean saka vokal, konsonan, uga tembunge. Ing basa Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak.

Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku:
1. Purwakanthi Guru Swara,
2. Purwakanthi Guru Sastra,
3. Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita.

Dene wujude siji lan sijine, yaiku;

1. Purwakanthi Guru Swara

Purwakanthi Guru Swara, yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung, uga diarani runtuting swara vokal. Dadi ing unen-unen sing dikanthi utawa digandheng yaiku "swarane" (a, i, u, e, e', o).
Tuladha:
Sapa jujur, bakal makmur                                 (swara; u)
Ora cepet, ora ngliwet                                       (swara; e)
Tut wuri, andayani                                            (swara; i)
Tesmak bathok, mata mlorok                            (swara; o)

Purwakanthi guru swara iku akeh tinemu ing tembung saroja, bebasan, paribasan, saloka, isbat, panyandra, lelagon, guritan, parikan, wangsalan, lan sapanunggalane.

Contoh Purwakanthi Guru Swara:

  1. Aja dahwen, ati open
  2. Aja dumeh menang, banjur tumidak sawenang-wenang
  3. Ajining dhiri, gumantung kedhaling lathi
  4. Ana awan, ana pangan
  5. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
  6. Ana dina, ana rupa
  7. Anak polah, bapa kepradhah
  8. Asu belang, kalung wang
  9. Ati karep, bandha cupet
  10. Ayem tentrem
  11. Bagas waras
  12. Bareng wis makmur, lali marang sedulur
  13. Becik ketitik, ala ketara
  14. Bungah susah iku lumrah
  15. Ciri wanci lelai ginawa mati
  16. Desa mawa cara negara mawa tata
  17. Dikethok koyo lombok
  18. Diiris kaya kobis
  19. Gandhes luwes
  20. Gemah ripah
  21. Gendhon rulon
  22. Gemi setiti ngati-ati
  23. Gelem obah, mesthi mamah
  24. Inggah-inggih nanging ora kepanggih
  25. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
  26. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
  27. Jago kate, wanine ing tritikane
  28. Kara ana gemake, ngaku jaka ana anake
  29. Kebat kliwat
  30. Kegedhen empyak kurang cagak
  31. Keplok ora tombok
  32. Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepingin maju
  33. Kulite kuning, kadi mas sinangling
  34. Kutuk marani sunduk
  35. Ora cepet, ora ngliwet
  36. Ora ngedan, ora keduman
  37. Papa citraka
  38. Rek gambar kucing, kula dherek wonten wingking
  39. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
  40. Rupane kembar, kaya jembe sinigar
  41. Sapa jujur bakal makmur
  42. Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
  43. Tela diiris-iris, gawe gela ora uwes-uwes
  44. Thenguk-thenguk, nemu kethuk
  45. Tiwas sayah, ora paedah
  46. Tut wuri, handayani
  47. Wadya bala
  48. Wiwit kuncung, nganthi gelung
  49. Witing tresna, jalaran saka kulina
  50. Welinging guru wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet sing tinemu
  51. Wong bungah sok nemu susah

Contoh Purwakanthi Guru Swara ing lelagon:

  1. Eee....dhayohe teka, ee...gelarna klasa.
  2. Eee....klasane bedhah, ee...tambalen jadah.
  3. Eee....jadahe mambu, ee...pakakna asu.
  4. Eee....asune mati, ee...kelekno kali.
  5. Kang cinatur, polah kang kalantur.
  6. Lolobah, wong mati ora obah, yen obah medeni bocah.
  7. Suwe ora jamu, jamu godhong tela.
  8. Suwe ora ketemu, pisan gawe gela.

2. Purwakanthi Guru Sastra

Purwakanthi Guru Sastra, yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane, lan uga diarani runtuting swara konsonan. Diarani purwakanthi guru sastra mergo nganggo awewaton "sastra" utawa "aksara". Dadi ing ukara perangan sing buri, ana kang nunggal sastra karo perangan sing ngarep utawa ing purwane.
Tuladha:
Anak anung, anindita                  (nungal sastra; n)
Sing sapa goroh, growah             (nungal sastra; g)
Bobot, bibit, bebet                       (nungal sastra; b)
Sluman, slumun, slamet              (nungal sastra; s)

Contoh Purwakanthi Guru Sastra:

  1. Aja dhemen memada sameng dumadi
  2. Aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi
  3. Anak anung anindhita
  4. Asah, asih, asuh
  5. Bibit, bobot, bebet
  6. Janji jujur jajahane mesthi makmur
  7. Kala kula kelas kalih, kulo kilang kalo, kali kilen kula
  8. Katula-tula katali
  9. Laras, lurus, leres, laris
  10. Madat, minum, madon, mateni, lan main
  11. Madhep manteb melu mara tua, mangan ora mangan
  12. Makarya, manembah, meneges, lan manut
  13. Makuta, makuti, makuten
  14. Pandom panuntun lan pangetrepane Pancasila
  15. Petruk patroli karo putrani loro putra putri
  16. Ruruh, rereh, ririh, mrih, resep pra miyarsi
  17. Sapa salah seleh
  18. Saya suwe saya sumengka
  19. Sepi, sepa, lir sepah samun
  20. Sing sapa salah seleh
  21. Sing sapa goroh growah
  22. Sing weweh bakal wuwuh
  23. Sluman, slumun, slamet
  24. Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
  25. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
  26. Tindak tanduk, tutur kang kalantur
  27. Tatag, teteg, bakal tutug
  28. Tatune methunthung mentheng-mentheng
  29. Titi, titis, tatas, lan trengginas
  30. Wong jejodhohan kudu ngelingi: babat, bibit, bobot, bebet
  31. Yekti sepi asepa lir sepah samun

3. Purwakanthi Lumaksita

Purwakanthi Lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhanke. Purwakanthi guru basa uga diarani runtuting swara tembung; lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku akeh-akehe tinemu ana ing wangsalan lan tembang.
Tuladha:

1. Purwakanthi lumaksita ing Wangsalan
Bayem arda, ardane ngrasuk busana
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka
mong ing tirta, tirta wijiling salira

2. Purwakanthi lumaksita ing Tembang
"Sinom"
Amenangi jaman edan,
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan,
Yen tan melu anglakoni,
Boya kaduman melik,
Kaliren wekasanipun,
Dilalah karsa Allah,
Begja-begjae kang lali,
Luweh begja kang eling lan waspada

Contoh Purwakanthi Lumaksita:

  1. Asung bekti, bektine kawula marang gusti
  2. Bayem arda, ardane ngrusak busana
  3. Bibis tasik, tasik madu wino tirto
  4. Durna putra, putra putri Madukara
  5. Janur gunung; gunung geni lor Ngayogja
  6. Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgadani
  7. Kolik priya, priyagung anjani putra
  8. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
  9. Mangan ati, atine sing kelara-lara
  10. Mangkana ngelmu kang nyata, sanyatane weh reseping ati
  11. Munggweng tirta, tirta kadheg ing samodra
  12. Nandhang lara, larane wong lara lapa
  13. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  14. Raja putra, putra daleme Ngastina
  15. Remuk rempu, rempu dadi awu
  16. Rujak degan, degane krambil ijo
  17. Rujak dhondhong, Dhondhonge sisane kalong
  18. Saking tresna, tresnane mung samudana
  19. Saron agung, agung-agunging sujanma
  20. Suwe ora jamu, jamu godhong kara.
  21. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka
  22. Witing tresna, tresnane mung sawetara

Baca juga:
Tembung Garba Dalam Bahasa Jawa dan Contohnya
Tembung Dasanama dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap

Demikian ulasan tentang "Purwakanthi, Kaperang dadi Telu, yaiku;" yang dapat kami sampaikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Posting Komentar untuk "Purwakanthi, Kaperang dadi Telu, yaiku;"