Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembung Garba Dalam Bahasa Jawa dan Contohnya

Tembung garba adalah salah satu kata dalam bahasa jawa yang berarti dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu, kemudian dikurangi jumlah suku katanya. Tembung garba ini bisa dicari asal kata atau sumbernya dari kata apa saja. Biasanya terdiri dari dua kata atau lebih yang selanjutnya disingkat menjadi satu kata agar menjadi kata baru yang lebih praktis atau tujuannya untuk menyesuaikan guru wilangan pada suatu tembang, namun tidak mempengaruhi maknanya. Berikut ulasan tentang tembung garba bahasa Jawa.

Tembung Garba

Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahing wandane.(terjemahan; Tembung garba atau tembung sinandhi yaitu dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dengan cara mengurangi jumlah suku katanya).

Ada juga yang mengartikan "tembung garba, yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda.(terjemahan; tembung garba yaitu dua kata yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku kata)."

Tembung garba lumrahe kanggo ing Kasusastran kang sinawung ing tembang. Yaiku samangsa ana gatra kang kakehan cacahing wandane, pangripta bisa ngungkret cacahing wanda mau sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra iku. (terjemahan; Tembung gatra umumnya digunakan dalam kesusastraan jawa yaitu kata-kata dalam sebuah tembang. Yaitu ketika ada kalimat yang kelebihan suku katanya, pencipta dapat mengurangi jumlah suku kata dengan cara menggarba/ menggabungkan dua kalimat atau lebih yang terdapat dalam kalimat tersebut).


tembung-garba

Contoh tembung garba:

  1. Aneng saka tembung = Ana + ing, tegese ana ing.
  2. Aranireki saka tembung = Arane + iki, tegese jenenge iki.
  3. Dadyewuh saka tembung = Dadi + ewuh, tegese sarwa ewuh.
  4. Dhemenyar saka tembung = Dhemen + anyar, tegese senenge yen isih anyar.
  5. Duhkiteng saka tembung = Duhkita + ing, tegese duhkita ing.
  6. Dupyarsa saka tembung = Dupi + arsa, tegese nalika arep.
  7. Jalwestri saka tembung = Jalu + estri, tegese lanang wadon.
  8. Kajwareng saka tembung = Kajuwara + ing, tegese kondhang ing.
  9. Kapindra saka tembung = Kapi + endra, tegese kapi endra.
  10. Kapyarsa saka tembung = Kapireng + arsa, tegese keprungu.
  11. Karyenak saka tembung = Karya + enak, tegese penggawean seng kepenak
  12. Lagyantuk saka tembung = Lagi + antuk, tegese lagi antuk, utawa lagi oleh.
  13. Lagyaneng saka tembung = Lagi + ana + ing, tegese lagi ana ing.
  14. Lebdeng saka tembung = Lebda + ing, tegese mumpuni, pinter ing.
  15. Lumakweng saka tembung = Lumaku + ing, tegese mlaku ing.
  16. Lumebeng saka tembung = Lumebu + ing, tegese mlebu ing.
  17. Maharja saka tembung = Maha + raja, tegese ratu linuwih.
  18. Maharsi saka tembung = Maha + resi, tegese pendhita linuwih.
  19. Mahmeru saka tembung = Maha + meru, tegese gunung linuwih.
  20. Malbeng saka tembung = Malebu + ing, tegese mlebu ing.
  21. Mardhikengrat saka tembung = Mardhika + ing + rat, tegese mardhika ing donya utawa ing jagad.
  22. Mring saka tembung = Mara + ing, tegese mara ing.
  23. Murbeng saka tembung = Murba + ing, tegese kuwasa ing.
  24. Mulyeng saka tembung = Mulya + ing, tegese mulya ing
  25. Narendra saka tembung = Nara + indra, tegese ratu.
  26. Narpati saka tembung = Nara + dipati, tegese ratu.
  27. Narpendah saka tembung = Narpa + endah, tegese ratu sing ayu.
  28. Nateng saka tembung = Nata + ing, tegese ratu ing.
  29. Nujwari saka tembung = Nuju + ari, tegese sawijining dina.
  30. Parimarming saka tembung = Parimirma + ing, tegese parimirma ing.
  31. Prameswari saka tembung = Parama + iswari tegese parama iswari
  32. Prapteng saka tembung = Prapta + ing, tegese teka ing.
  33. Prawiratama saka tembung = Prawira + utama, tegese prajurit utawa senapati.
  34. Prawireng saka tembung = Prawira + ing, tegese prawira ing.
  35. Priyagung saka tembung = Priya + agung, tegese priya agung.
  36. Ratwagung saka tembung = Ratu + agung, tegese ratu binarthara utawa ratu utama.
  37. Sarutama saka tembung = Sara + utama, tegese panah utama.
  38. Sarwyanjoget saka tembung = Sarwi + anjoget, tegese tansah njoget.
  39. Samiarsa saka tembung = Sami + arsa, tegese padha karepe.
  40. Sesotyabor saka tembung = Sesotya + abyor, tegese sesotya abor
  41. Sireku saka tembung = Sira + iku, tegese kowe iku.
  42. Sitinggil saka tembung = Siti + inggil, tegese lemah sing dhuwur papane.
  43. Siniwakeng saka tembung = Siniwaka + ing, tegese diadhep dening.
  44. Sumbangsih saka tembung = Sumbang + asih, tegese weweh kanggo tandha asih.
  45. Surengyuda saka tembung = Sura + ing + yuda, tegese wani peperangan utawa wani ing dewaning perang.
  46. Taksyalit saka tembung = Taksih + alit, tegese isih cilik.
  47. Tekeng saka tembung = Teka + ing, tegese teka ing
  48. Tumengeng saka tembung = Tumenga + ing, tegese madhep ing.
  49. Tumekeng saka tembung = Tumeka + ing, tegese tekan ing.
  50. Tumujuweng saka tembung = Tumuju + ing, tegese tumuju ing.
  51. Wanitatama saka tembung = Wanita + utama, tegese wanita utama.
  52. Wanodyayu saka tembung = Wanodya + ayu, tegese wanodya ayu.
  53. Wiratama saka tembung = Wira + utama, tegese prajurit utama utawa senapati.
  54. Yeku saka tembung = Iya + iku, tegese ya bener kui

Tembung Garba ing Tembang;

1. Anoman malumpat sampun, prapteng witing nagasari.
2. Wanodyayu kuru aking.
3. Amamangun karyenak tyasing sasami.
4. Mbok perawan sanggawang duhkiteng kalbu.
5. Adil parimarmeng dasih.
6. Pati sureng laga.
7. Dipa jayeng renanggana.
8. Raden panji Kudawanengpati.
9. Wani malbeng jroning taman sari.
10. Gusti ingkang murbeng dumadi.

Baca juga:
Tembung Camboran: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)
Tembung Dasanama dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap
Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya

Demikian ulasan tentang "Tembung Garba Dalam Bahasa Jawa dan Contohnya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel seni budaya dan bahasa Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Posting Komentar untuk "Tembung Garba Dalam Bahasa Jawa dan Contohnya"