Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Rura Basa Bahasa Jawa beserta Contohnya

Rura basa artinya adalah bahasa yang rusak atau salah, namun jika dibenarkan malah menjadi kelihatan lebih salah. Sebenarnya dalam bahasa Indonesia pun juga sama, ada beberapa kata yang sudah biasa digunakan masyarakat secara umum meskipun salah, tetapi karena sudah kebiasaan dan umum digunakan kata-kata tersebut malah menjadi kata yang umum dan biasa digunakan dalam berbahasa. Misanya, kata "memasak nasi" (dalam bahasa Jawa "adang sega"), yang benar harusnya "memasak beras agar jadi nasi". Tetapi karena sudah umum digunakan kata "memasak nasi" bukan menjadi kata yang salah. Banyak contoh lain rura basa dalam bahasa jawa ini.

Lebih jelasnya simak ulasan tentang rura basa yang kami ulas dalam bahasa Jawa yang kami lengkapi terjemahannya, sekaligus sebagai bahan latihan dalam berbahasa Jawa berikut ini.

rura-basa

Rura Basa

Rura Basa yaiku basa kang luput, nanging dianggep lumrah ana ing padinan, amarga wis ora bisa dibenerake maneh. Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula Rura basa uga diarani basa sing salah kaprah. (terjemahan; Rura basa yaitu bahasa yang salah, tetapi dianggap lumrah dalam keseharian, karena sudah tidak bisa dibenarkan lagi. Rura artinya rusak atau salah. Rura basa artinya bahasa yang sudah rusak atau keliru, tetapi jika dibenarkan malah menjadi semakin salah. Maka dari itu Rura basa juga disebut bahasa yang salah kaprah).

Umpama; tembung nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg lombok, trasi, uyah, tomat, moto, lan sapiturute. (terjemahan; Misalnya; kata ngulek sambel itu tidak benar. Yang benar nguleg cabai, terasi, garam, tomat, micin, dan lain-lain).

Nanging yen dibenerake kaya ing dhuwur iku malah bisa digeguyu dening wong akeh. (terjemahan; Tetapi jika dibenarkan seperti contoh di atas malah dapat ditertawakan orang banyak).

Contoh Rura Basa dan Maksud sebenarnya.

  1. Adang sega, benere adang beras, supaya dadi sega.
  2. Adang thiwul, benere adang gaplek sing wis dadi diglepung, supaya dadi thiwul.
  3. Bakul jangan, benere wong dodol keperluane masak jangan.
  4. Jaga gerdhu, benere tukang jaga keamanan manggon ing gerdhu.
  5. Kelan lodheh, benere nggodog janganan supaya dadi sayur lodeh.
  6. Mangan awan, benere mangan sega ing wayah awan.
  7. Mbathik sewek, benere mbathik mori supaya dadi sewek.
  8. Mbathik iket, benere mbathik mori supayane dadi iket.
  9. Mbunteli tempe, benere mbunteli dhele godhog kang wis dirageni supaya dadi tempe.
  10. Menek klapa, benere menek wit klapa arep apek klapane.
  11. Mikul dhawet, benere mikul angkring isi wadhah dhawet.
  12. Ndheplok gethuk, benere ndheplok tela supaya dadi gethuk.
  13. Ndhudhuk sumur, benere ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur.
  14. Ndondomi kathok, benere ndondomi bakal digawe kathok.
  15. Negor klopo, benere negor wit klopo.
  16. Nenun sarung, benere nenun benang supaya dadi kain.
  17. Netel jadah, benere netel ketan mateng supaya dadi jadah.
  18. Njahit klambi, benere njahit kain supaya dadi klambi.
  19. Ngenam klasa, benere ngenam mendhong digawe klasa.
  20. Ngenam kepang, benere ngenam rambut supaya dadi kepang (diklabang).
  21. Ngenam sesek, benere ngenam silatan pring supaya dadi sesek.
  22. Ngekum landha, benere ngekum arenge merang supaya dadi landha.
  23. Ngethok gedhang, benere ngethok wit gedhang, arep apek gedhang.
  24. Nggodhok wedang, benere nggodhok banyu nek wis umob/mateng digawe wedang.
  25. Nglinthing rokok, benere nglinthing klobot karo mbako supaya dadi rokok.
  26. Nguleg sambel, benere nguleg Iombok sabumbune arep digawe sambel.
  27. Nulis layang, benere nulisi dluwang supaya dadi layang.
  28. Nunggu manuk, benere nunggu pari ing sawah supaya ora dipangani manuk.
  29. Nunggu geni, benere nunggu kayu supaya genine ora mati.
  30. Nyangking banyu, benere nyangking ember isi banyu.
  31. Nyunduki sate, benere nyunduki daging nganggo sodo.
Baca juga:
Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya
Tembung Yogyaswara dalam Bahasa Jawa dan Artinya
Purwakanthi, Kaperang dadi Telu, yaiku;

Demikian ulasan tentang "Rura Basa Bahasa Jawa beserta Contohnya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Posting Komentar untuk "Rura Basa Bahasa Jawa beserta Contohnya"