Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sesorah Basa Jawa Beserta Contohnya

Sesorah Yaiku?

Sesorah yaiku nglairake gagasan kanthi lisan wonten ing sangajengipun tiyang kathah. Wonten ing bahasa Indonesia dipun wastani "pidhato". Sesorah menika ngadhepi priyantun kathah ingkang benten-benten corakipun, upaminipun benten pangkatipun utawi kalungguhanipun, tataran ngelmunipun, yuswa tuwin sapiturutipun. Mila tiyang ingkang sesorah kedah mangertosi bab ingkang wigatos, ingkang kedah dipun gatosaken supados anggenipun sesorah saget kasil kados ingkang dipun kersakaken.

Miturut pamanggihipun tiyang winasis, nindakaken sesorah menika mboten angel utawi rekaos, ewa semanten kedah mangertosi perkawis ingkang wigatos. Ugi sesorah menika kedah purun latihan utawi gladhen supados anggenipun sesorah basanipun saged sae ugi lancar wonten ing sangajengipun tiyang kathah.
(Terjemahan; Sesorah yaitu melahirkan gagasan melalui lisan didepan banyak orang. Di dalam bahasa Indonesia disebut "pidato". Sesorah itu menghadapi banyak orang dengan beranekamacam corak, misalnya berbeda pangkat atau kedudukannya, tingkatan ilmunya, umur dan sejenisnya.Maka orang yang sesorah/ berpidato harus mengerti hal-hal penting, yang harus diperhatikan agar dalam sesorah/ berpidato dapat berhasil seperti yang diinginkan.

Menurut pendapat seorang ahli, melakukan sesorah itu tidaklah berat atau sulit, namun haruslah mengetahui perihal yang penting. Selain itu sesorah/ pidato itu harus mau latihan atau gladi supaya dalam sesorah/ berpidato bahasanya dapat bagus dan lancar di depan orang banyak.
)

sesorah-basa-jawa

Tujuan Sesorah/ Berpidato Bahasa Jawa

Tujuanipun sesorah inggih menika kados wonten ngandhap punika:
1. Atur Pambagya
Atur pambagya inggih menika kangge nampi rawuhipun tamu ingkang wonten acara menapa kemawon kadosta acara sunatan, mantenan, tanggap warsa, utawi ulang taun tuwin sapiturutipun.

2. Atur Kabar, Pawarta utawi Informasi
Informasi wonten ing ngriki saged arupi pelapuran utawi nyariyosaken satunggaling bab utawi perkawis dhumateng para pimiarsa utawi pamireng. Bab ingkang kedah dipun gatosaken inggih menika ingkang sesorah kedah saged medharaken kanthi , cetha utawi gamblang perkawis menapa ingkang kedah dipun mangertosi kaliyan tiyang kathah. Pamiarsa ing saderengipun boten mangertos babar pindhah. Upaminipun sesorah palapuran wonten ing rapat organisasi, promosi, sawijining barang tuwin sapiturutipun.

3. Paring Panglipur utawi Hiburan
Sesorah kangge caos penghibur menika kanthi tujuan supados ingkang mirengaken saged remen penggalihipun. Upaminipun wonten ing acara mantu, tanggap warsa tuwin sapiturutipun. Saged ugi kangge panglipur wonten ing acara layatan utawi sripah, supados kulawarga ingkang nembe nampi nandhang sungkawa utawi sisah amargi kesripahan saged nampi kanthi tabah tuwin ikhlas.

4. Pangajak
Sesorah ingkang nggadhahi sipat pangajak ancasipun supados ingkang mirengaken pitados, lajeng kapilut utawi tumut, ketarik manahipun tuwin purun nindakaken menapa ingkang dipun ngendikakaken wonten ing sesorah. Upaminipun sesorah wonten ing panggenan ibadhah, sesorah wonten ing babagan agami tuwin sanes-sanesipun.
(Terjemahan; Tujuan Sesorah/ Pidato Bahasa Jawa Yaitu;
1. Atur pambagya yaitu untuk menerima kedatangan tamu yang hadir dalam acara apapun itu, seperti acara sunatan, pernikahan, ulang tahun, dan sejenisnya.

2. Informasi dalam hal ini dapat berupa pelaporan atau menyampaikan suatu hal atau persoalan kepada para pemirsa atau pendengar. Bab yang harus diperhatikan antara lain yang berpidato harus dapat menjabarkan dengan jelas atau gamblang perihal apapun yang harus diketahui oleh orang banyak. Pendengar yang sebelumnya sama sekali belum dapat memahami. Misalnya pidato pelaporan dalam rapat organisasi, promosi, salah satu barang dan sejenisnya.

3. Sesorah untuk memberikan hiburan dengan tujuan agar yang mendengarkan dapat merasa senang hatinya. Misalnya dalam acara perkawinan, ulang tahun dan sejenisnya. Dapat pula untuk menghibur dalam acara takziah atau kematian, agar keluarga yang sedang berduka atau bersedih karena kematian anggota keluarganya dapat menerima dengan tabah dan ikhlas.

4. Sesorah yang mempunyai sifat mengajak bertujuan agar yang mendengarkan mengerti, lalu tertarik dan ikut, tertarik hatinya sehingga mau melakukan apa yang dikatakan dalam pidato. Misalnya sesorah dalam tempat ibadah, sesorah dalam bidang agama dan sejenisnya.)

Hal-hal Penting yang Perlu Diperhatikan dalam Sesorah/ Berpidato

Supados anggenipun sesorah saged kelampahan kanthi sae mila sesorah kedah nggatosaken ingkang wigatos, kadosta: basa, busana, swara, solah bawa, pratrap utawi sikapipun.

1. Basa
Basa ingkang dipun ginakaken kedah salaras utawi cocok kaliyan ingkang dipun adhepi. Basa ngoko dipun ginakaken menawi ingkang dipun adhepi menika lare-lare utawi langkung enem kaliyan ingkang sesorah. Basa krama dipun ginakaken menawi ingkang dipun adhepi menika tiyang langkung sepuh utawi langkang dipun kurmati.

Tiyang sesorah menika kedah mangertosi kawontenan, menawi wonten ingkang dhusun utawi kampung basa ingkang dipun ginakaken basa krama sedaya, ewa semanten menawi wonten ing kitha dipun campuri basa Indonesia salaras kaliyan ingkang mirengaken.

Miturut kasunyatanipun wonten ing adicara temanten, syukuran, sunatan, tanggap warsa utawi ulang taun, basa ingkang dipun ginakaken inggih menika basa krama ingkang sae dipun campuri basa menapa kemawon, supados sae, menawi dipun mirengaken tuwin kurmat dhumateng para tamu ingkang sami rawuh. Prayoganipun basa ingkang dipun ginakaken menika prasaja, ukaranipun boten ngambra, tuwin sekeca basanipun dipun mirengaken tiyang kathah.

2. Busana
Ajinipun raga saking busana. Menawi sesorah prayoganipun ngginakaken busana ingkang sae ugi inggih sopan, boten ngangge kaos, boten ngangge sandal japit. Perkawis menika ngurmati ingkang sami mirengaken sesorah ugi saged kangge njageni tuwin ngajeni awakipun piyambak. Busana menika kasalarasaken kaliyan kawontenan ugi tujuan.

3. Swara
Wiramanipun swanten inggih ingkang sekeca dipun mirengaken, sampun ngantos keseron utawi alon sanget. Anggenipun ngucapaken tetembungan ingkang cetha, boten groyok, boten kecepeten saengga menapa ingkang dipun wedharaken gampil dipun mangertosi kajengipun, iramanipun boten kados tiyang maos buku.

4. Solah Bawa, Pastrap (Sikap)
Solah bawanipun tiyang sesorah menika kedah mantep tuwin teteg, madhep dhumateng pamriksa, asta ngapurancang, boten tumungkul utawi boten ndhingkluk tuwin sampun ngantos ndangak. Perkawis sanesipun ingkang kedah dipun singkiri, polatane mbesengut.
a. Gugup.
b. Asring mirsani cathetan.
c. Gumujeng ingkang dipun damel-damel.
d. Asta kaliyan suku dipun ebah-ebahane.
e. Kaliyan mlampah-mlampah.
f. Jumeneng kaku kados tiyang baris.
g. Asta methentheng.
h. Asta sedhakep.
i. Asta mlebet wonten ing sak.
(Terjemahan; Agar dalam pidato dapat berjalan dengan baik maka pidato harus memperhatikan hal-hal yang penting, seperti; bahasa, busana, suara, tingkah laku, perilaku atau sikapnya.
1. Bahasa yang digunakan harus selaras atau cocok dengan yang dihadapi. Bahasa Jawa ngoko digunakan jika yang dihadapi tersebut adalah anak-anak atau yang lebih muda daripada yang berpidato. Bahasa Jawa krama digunakan jika yang dihadapi tersebut adalah orang yang lebih tua atau yang lebih dihormati.

Orang yang berpidato haruslah mengerti keadaan, jika di dalam dusun atau kampung bahasa yang digunakan bahasa Jawa krama semua, begitu juga jika di kota bahasa yang digunakan dicampur dengan bahasa Indonesia sesuai dengan yang mendengarkan.

Pada kenyataannya didalam acara pernikahan, syukuran, sunatan, ulang tahun, bahasa yang digunakan yaitu bahasa Jawa krama yang baik yang dicampur bahasa apapun, agar baik, jika didengarkan dan juga menghormati para tamu yang hadir. Sebaiknya bahasa yang digunakan tersebut baik, pembahasannya tidak melebar, bahasanya juga baik didengarkan oleh orang banyak.

2. Nilai fisik terlihat dari pakaian.  Jika berpidato sebaiknya menggunakan pakaian yang bagus dan juga sopan, tidak memakai kaos, tidak memakai sandal jepit. Hal ini untuk menghormati orang-orang yang mendengarkan pidato juga dapat untuk menjaga dan menghargai diri sendiri. Pakaian ini diselaraskan dengan keadaan dan tujuan.

3. Iramanya suara yaitu yang baik didengarkan, jangan sampai terlalu keras atau terlalu pelan. Didalam mengucapkan kata atau kalimat dilakukan secara jelas, tidak pelan, dan tidak terlalu cepat sehingga apa yang disampaikan mudah dimengerti maksudnya, iramanya tidak seperti orang yang membaca buku.

4. Sikap perilakunya orang yang berpidato haruslah mantap dan tegas, menghadap pada orang yang mendengarkan, tangan rileks, tidak menundukkan kepala atau tidak menengadahkan kepala. Perihal lainnya yang harus dihindari, raut wajah cemberut.
a. Gugup.
b. Sering melihat catatan.
c. Gerakan yang dibuat-buat.
d. Tangan dan kaki yang digerak-gerakkan.
e. Dengan berjalan-jalan.
f. Diam kaku seperti orang yang berbaris.
g. Tangan kaku.
h. Tangan mendekap.
i. Tangan masuk ke dalam saku pakaian.)

Urut-Urutan Sesorah/ Pidato

Supados anggenipun sesorah runtun prayoginipun nggatosaken urut-urutanipun sesorah.

1. Uluk Salam/Salam Pambuka
Isinipun ngucapaken salam dhumateng para tamu ingkang sami rawuh, kadosta nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng ndalu, utawi salam sanesipun.

2. Purwaka
Isinipun puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, amargi tasih dipun paringi kesempatan saged kepanggih nindakaken acara menika. Kejawi saking menika matur nuwun awit rawuhipun kersa nglonggaraken wekdal rawuh wonten ing acara menika.

3. Isi/Wigatosipun
Isinipun perkawis menapa kemawon ingkang badhe dipun aturaken, upaminipun atur pambagya sunatan, syukuran, wakil kulawarga wonten ing adicara manten tuwin sapiturutipun.

4. Panutup
Isinipun atur panuwun awit rawuhipun para tamu tuwin nyuwun pangapunten menawi anggenipun nampi tamu utawi tumindak ingkang boten mranani penggalih.
(Terjemahan; Agar dalam berpidato runtut sebaiknya memperhatikan urutan-urutan pidato.
1. Isinya mengucapkan salam kepada para tamu yang hadir, seperti nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng ndalu, atau salam lainnya.

2. Isinya puji syukur kehadirat Allah, karena masih diberi kesempatan dapat bertemu melaksanakan acara tersebut. Selain itu, juga mengucapkan terimakasih atas kehadirannya bersedia meluangkan waktunya hadir dalam acara tersebut.

3. Isinya perihal apa saja yang akan disampaikan, misalnya atur pambagya sunatan, syukuran, wakil keluarga, dalam acara pernikahan dan lain sebagainya.

4. Isinya ucapan terimakasih atas kehadiran para tamu dan meminta maaf jika dalam menerima tamu atau melakukan tindakan yang tidak mengenakkan.)

Baca juga:
Geguritan Bahasa Jawa, Pengertian, Ciri-Ciri, Jenis, dan Contohnya
Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya
Demikian ulasan tentang "Sesorah Basa Jawa Beserta Contohnya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel seni Sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Posting Komentar untuk "Sesorah Basa Jawa Beserta Contohnya"