Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembung Plutan dan Contohnya

Tembung "plutan" asale saka tembung lingga; pluta, sing tegese; rangkep.

Tembung plutan yaiku tembung kang dirangkep wandane, supaya suda akehing (cacahe) wandane. Cacahing wanda tembung plutan iku diringkes supaya luwih sthithik. Umpamane tembung "para" bisa diringkes utawa dipluta dadi "pra", dene tegese ora owah. ("Tembung plutan yaitu kata yang digabung ejaan/ bacaanya, agar berkurang jumlah ejaannya. Jumlah ejaan kata tembung plutan itu diringkas supaya lebih sedikit. Misalnya tembung "para" dapat diringkas atau dipluta menjadi "pra", namun artinya tidak berubah".)

Tembung pluta iki kaprahe tinemu ing sajroning gatra-gatrane tembang, kanggo mburu guru wilangan, samangsa ing gatra iku kakehan cacahing wandane. ("Tembung plutan itu biasanya terdapat didalam gatra/ urutan kalimat tembang, untuk mengejar guru wilangan, ketika di dalam gatra/ urutan kalimat tembang kelebihan jumlah ejaannya".)
Tuladha;
Kinanthi gatra kapapat;
tumrap ukara gancaran samestine; "Wanodya ayu kuru aking".
tumrap ing cakepan tembang, kena; "Wanodya yu kuru aking"
amarga ing gatra iki guru wilangane kudu 8, mula tembung "ayu" kena dipluta dadi "yu".

Contoh tembung plutan liyane kayata;

  • abot dipluta dadi bot
  • amrih dipluta dadi mrih
  • amung dipluta dadi mung
  • awit dipluta dadi wit
  • awor dipluta dadi wor
  • alon dipluta dadi lon
  • liyan dipluta dadi lyan
  • luwih dipluta dadi lwih
  • maring dipluta dadi mring
  • perang dipluta dadi prang
  • seru dipluta dadi sru
  • suwarga dipluta dadi swarga
  • suwiwi dipluta dadi swiwi
  • serat dipluta dadi srat
  • suwara dipluta dadi swara
  • weruh dipluta dadi wruh
  • sarana dipluta dadi srana
  • sari dipluta dadi sri
  • kuluban dipluta dadi kluban
  • sinarawedi dipluta dadi sinrawedi
  • darana dipluta dadi drana
  • murih dipluta dadi mrih
  • kuwalon dipluta dadi kwalon
  • welas dipluta dadi wlas
  • dicuwowo dipluta dadi dicwowo
  • pinara dipluta dadi pinra
  • ambo dipluta dadi mbo
  • sumangkeyan dipluta dadi smangkeyan

  • Baca juga:
    Tembung Baliswara
    Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya
    Tembung Pepindhan Jawa, Contoh dan Artinya

    Demikian ulasan tentang "Tembung Plutan dan Contohnya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

    Posting Komentar untuk "Tembung Plutan dan Contohnya"