Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sengkalan Bahasa Jawa dan Artinya

Sengkalan

Sengkalan yaiku tetembungan utawa gambar bisa uga awujud pepethan (pathung) kanggo mengeti kadadean kang wigati sing mujudake angka taun. Sengkalan uga diarani pengetan wektu kang mawa kedadeyan utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone mengeti cacahing tahun ora katulis nganggo angka, ananging nganggo tetembungan utawa gambar.
Mungguh perlune supaya:
1. Olehe gawe pengetan (sengkalan) bisa kalarasake unen-unen karo kekadeyan utawa lelakon kang dipengeti.
2. Gampang anggone ngeling-eling, lan angel laline.
(TerjemahanSengkalan yaitu kata-kata atau gambar bisa juga berwujud pepethan (patung) untuk memperingati kejadian yang penting yang menunjukkan angka tahun. Sengkalan juga disebut pengingat waktu atas kejadian atau peristiwa yang penting, pada umumnya untuk memperingati angka tahunnya tidak ditulis menggunakan angka, tetapi menggunakan kata atau gambar.
Tujuannya agar:
1. Dibuatnya pengingat (sengkalan) dapat disesuaikan dengan kata-kata dan kejadian atau peristiwa yang diperingati.
2. Mudah untuk mengingat, dan sulit melupakan.

sengkalan

Candra Sengkala lan Surya Sengkala

1. Candra sengkala. Candra = rembulan. Sengkala utawa sengkalan yaiku ukara utawa tetembungan sing kanggo mengeti taun supaya gampang enggone ngeling-eling. Dene candra sengkala yaiku sengkalan kang petungane manut lelakuning rembulan (tahun Jawa).
2. Surya sengkala, yaiku sengkalan kang petungane manut lakuning srengenge (tahun Saka lan tahun Masehi). Iku kecekel 78 taun. Taun Saka didadekake taun Masehi kudu katambah 78 taun.

Tuladha:
a. taun Saka: 1896, dadine taun Masehi = 1986 + 78 = taun 1974
b. taun Masehi : 1981, dadine taun Saka = 1981 - 78 = taun 1903

(Terjemahan; 1. Candra sengkala. Candra = bulan. Sengkala atau sengkalan yaitu kata-kata atau kalimat yang digunakan untuk memperingati tahun agar gampang untuk mengingat-ingat. Sedangkan candra sengkala yaitu sengkalan yang hitungannya menurut perputaran bulan (tahun Jawa).
2. Surya sengkala, yaitu sengkalan yang penghitungannya menurut perputaran matahari (tahun Saka dan tahun Masehi). Terdapat sekitar 78 tahun. Tahun Saka dijadikan tahun Masehi harus ditambah 78 tahun.

Jenis-Jenis Sengkalan dan Cara membuatnya

Sengkalan wujude ana 2:
1) sengkalan lamba, yaiku pengetan taun mawa tetembungan.
2) sengkalan memet, yaiku pengetan taun mawa gambar, pepethan.

Carane gawe sengakalan lamba:
Kanggo nggoleki cacahing taun kang sinandi ana ing sengkalan, yaiku sarana ditegesi saka mburi mangarep.
Tuladha:
a. Tembung sengkalan muni: "Angesthi rasaning janma"
Carane negesi: * angesthi, lingggane: esthi = gajah; awatak; 8 (wolu)
* rasaning, linggane rasa, awatak; 6.
* janma, nduweni watak; 1 (siji)
Saka tegesiku nduweni angka; 861
Dadi angka taun kawaca saka mburi; "taun 168"
b. Tembunge sengkalan: "Putri tata trus manunggil"
Carane negesi: * putri, awatak; 3 (telu)
* tata, = angin; awatak; 5 (lima)
* trus, = terus; awatak; 9 (sanga)
* manunggil = tunggil = siji
Saka teges iku tinemu angka = 3591
Dadi angka tahun, yaiku; "taun 1953"

Yen arep ngarang sengkalan, kudu tansah diemut prayogane:
a. Nganggo tembung-tembung kang gampang dingerteni dening liyan.
b. Aja migunakane tembung-tembung kang mbingungake; yaiku tembung kang kena disurasa nduweni watak-wilangan luwih saka sawarna; kayata; tembung "Nata", bisa disurasa awatak siji, yaiku Nata kang ateges Ratu; lan bisa uga disurasa awatak lima, tembung "Nata" kang asale saka "tata", kang ateges. "angin"= maruta.
c. Ukarane kudu mranani ; lire; surasane ukara mau kudu salaras karo kadadeyan utawa lelakon kang disengkalani (dipengeti).

(TerjemahanSengkalan terdiri dari 2 jenis, yaitu:
1) Sengkalan lamba, yaitu peringatan tahun berupa kata-kata atau kalimat.
2) Sengkalan memet, yaitu peringatan tahun berupa gambar, patung.

Cara membuat sengkalan lamba:
Untuk mencari jumlah tahun yang terdapat dalam sengkalan, yaitu dengan ditebak/ diartikan dari belakang ke depan.
Contoh:
a. Tembung sengkalan berbunyi: "Angesthi rasaning janma"
Cara mengartikan: *angesthi, lingggane: esthi = gajah; berwatak; 8 (delapan)
* rasaning, linggane rasa, berwatak; 6.
* janma, mempunyai watak; 1 (satu)
Dari arti tersebut terdapat angka; 861
Jadi angka tahun terbaca dari belakang; "tahun 168"
b. Tembung sengkalan: "Putri tata trus manunggil"
Cara mengartikan: * putri, berwatak; 3 (tiga)
* tata, = angin; berwatak; 5 (lima)
* trus, = terus; berwatak; 9 (sembilan)
* manunggil = tunggil = siji
Dari arti tersebut terdapat angka = 3591
Jadi angka tahun, yaitu; "tahun 1953"

Dalam mengarang sengkalan, harus selalu mengingat ketentuannya:
a. Menggunakan kata-kata yang mudah diketahui oleh orang lain.
b. Jangan menggunakan kata-kata yang membingungkan; yaitu kata yang dapat memiliki makna watak-wilangan lebih dari satu; seperti; kata "Nata", dapat juga berwatak satu, yaitu Nata yang berarti Ratu; dan bisa juga berwatak lima, kata "Nata" yang berasal dari kata "tata", yang berarti, "angin" = maruta.
c. Kalimatnya harus wajar; maksudnya; makna kalimat harus selaras dengan kejadian atau peristiwa yang diperingati.)

Watak Tembung Sengkalan

Tembung-tembung sing dianggo ing angka taun:
1). Watak siji (eka) : bumi, srengenge, rembulan, lintang, Allah, Gusti, manungsa, tunggal, wutuh, bunder, urip. Perangane badan kang cacahe mung siji utawa awangun bunder dasanamane kayata  sirah, gulu, irung, ati, lan sapanunggalane.

2). Watak loro (dwi) : barang kang cacahe loro, ugo opo wae sing jodho dasanamane kayata tangan, kuping, sajodho, swiwi, mripat, suku, karna, bau, alis, sungut, lan sapanunggalane. Kriyane tembung-tembung kasebut; nembah, lumampah, ndulu, mabur.

3). Watak telu (tri) : barang kangmawa geni, kapinteran dasanamane kayata obor, geni, panas, sorot, pinter, wasis, guna, urub, banter, putri, estri, jurit, welut, cacing lan sapanunggalane.

4). Watak papat (catur) : barang kang ateges banyu, gawe dasanamane kayata tuk, segara, samodra, karya, sendang, keblat, kreta, rata, lan sapanunggalane.

5). Watak lima (panca) : barang kang ateges buta, panah, angin, lima, piranti, dalan, pandhawa, alas, gaman, galak, lan sapanunggalane.

6). Watak enem (sad) : tembung kang atages obah, kayu, rasa, pait, eca, wit, mangsa, tawon, kumbang, lan gegolonganing kewan asikil enem (sadpada) dasanamane.

7). Watak pitu (sapta) : tambung kang atages swara, gunung, pandhita, jaran, swarga, ageng, bungah, lan swara numpak dasanamane.

8). Watak wolu (hasta) : tembung kang ateges, kewan rumangkang (reptile) dasanamane kayata rahayu, basuki, ula, baya, cecak, gajah, esti, kethek, kadhal, lan sapanunggalane.

9). Watak sanga (nawa) : barang kang ateges bolong kembang dewa ambu (ganda), dasanamane kayata gapura, leng, bablas, wangi, bolongan, lawang, guwa, terus, dewa, ganda, lan sapanunggalane.

10). Watak kothong/nol (das) : tembung kang ateges ora ana utawa dhuwur kayata ilang, mati, swarga, sirna, das, nir, suwung, kothong, lowong, tanpa, lan sapanunggalane.

Tembang Dhandhanggula iki bisa kanggo pangeling-eling wataking tembung ateges wilangan:
1) janma buweng wani tunggal Gusti.
2) penganten dwi akekanthen asta,
3) gegeni putri katelune,
4) papat agawe banyu,
5) buta lima amanah angin,
6) sad rasa kayu obah,
7) wiku pitweng gunung,
8) gajah wewolu rumangkang,
9) dewa sangan anggeganda terus manjing,
10) dhuwur wriyat tanpa das.

Pamacane sengkalan urut saka mburi mengarep.

Contoh sengkalan:

a. Dwi hasta ngesti ratu, = 1882
b. Tri janma manembah gusti, = 1213
c. Sirna ilang kertaning bumi, = 1400
d. Angesti rasaning janma, = 168
e. Obat asta kalih, = 226
f. Wirara katon kembar, = 229
g. Buta lima manah jagad, = 1555
h. Rasaning pandhita gapuraning jagad, = 1976
i. Soroting wanodya terus ing nala, = 1982
j. Loro naga rasa tunggil, = 1682

Baca juga:
Sesorah Basa Jawa Beserta Contohnya
Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya
Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya

Demikian ulasan tentang "Sengkalan Bahasa Jawa dan Artinya" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikal sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs Senibudayaku.com.

1 komentar untuk "Sengkalan Bahasa Jawa dan Artinya"

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.