Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kasusastran Jawa

1. Kabudayan (Kebudayaan)

Kabudayan asale saka tembung lingga: ”budaya”, kang ateges: sipating budi, sipating nalar utawa sipating angen-angen. Sipating budi utawa nalar (angen-angen) iku yen diolah kanthi pangudi, wekasan bisa nuwuhake kawruh lan kagunan warna-warna kang diarani: ”kabudayan”. Mula tembung Kabudayan bisa ditegesi: wohing budaya, wedhar ing nalar utawa angen-angen apa bae, kang anane marga saka pangulah akal budining manungsa. ("Kebudayaan berasal dari tembung lingga "budaya", yang artinya; sifat dari akal, pikiran atau budi. Sifat budi dan akal pikiran itu jika diolah dengan usaha dan kerja keras, pada akhirnya nanti dapat menumbuhkan keahlian dan aneka ragam seni yang disebut; "kebudayaan". Maka kata kebudayaan dapat diartikan sebagai buah dari budaya, perwujudan ide gagasan dan angan-angan yang dihasilkan dari olah rasa akal budi manusia".)

2. Kagunan (Kesenian/ Seni)

Kagunan yaiku kabudayan lair karyaning manungsa kang isi/ mengkoni kaendahan. Uga sok ditembungake: kagunan adi-luhung. Manut wujude kagunan iku kena kaperang 6 warna, yaiku:
("Kesenian yaitu kebudayaan lahiriyah hasil karya manusia yang mengandung makna keindahan. Juga sering disebut; kesenian adi-luhur. Berdasarkan wujudnya kesenian dapat dibedakan ke dalam 6 jenis, yaitu;")
a. Kagunan Swara/ langen swara utawa tembang (Seni Musik/ Suara)
Kagunan Swara yaiku kagunan kang mahyahake swara kang endah. Tegese, endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengkoke. ("Seni musik/ suara, yaitu seni yang menggunakan media suara/ bunyi yang indah. artinya, keindahan lagunya, nadanya, iramanya, atau cengkoknya".)

b. Kagunan Nggambar, Nyungging apadene Natah (Seni Rupa)
Kagunan Nggambar, Nyungging apadene Natah, yaiku kagunan kang mahyahake rerupan/wewujudan kang endah, kayata: gambar, reca, ukir-ukiran, lsp. ("Seni rupa, yaitu seni yang menggunakan media yang dapat ditangkap mata/ memiliki rupa/ wujud yang indah, seperti; gambar, patung,ukiran, dll".)

c. Kagunan Kasusastran (Seni Sastra)
Kagunan Kasusastran yaiku kagunan kang mbabarake basa kang endah. Kasusastran uga sok ditembungake liya: Kagunan Basa. ("Seni sastra, yaitu seni yang berkaitan dengan bahasa dan tulisan yang indah. Kesusastraan juga sering disebut; seni bahasa".)

d. Kagunan  Joged/ beksan (Seni Tari)
Kagunan  Joged/ beksan yaiku kagunan kang nuwuhake solah-bawa kang endah lan mranani. ("Seni tari, yaitu seni yang menggunakan gerak tubuh yang indah dan menarik".)

e. Kagunan Karawitan (Seni Karawitan)
Kagunan Karawitan yaiku kagunan kang nenangi sabangsane tetabuhan kang endah, kayata: gamelan, musik, kulintang, lsp. ("Seni karawitan yaitu seni yang mempelajari tentang tetabuhan/ musik yang indah, seperti; gamelan, musik, kulintang, dll")

f. Kagunan Tontonan (Seni Pertunjukan)
Kagunan Tontonan yaiku kagunan kang mahyahake tetontonan kang endah, kayata: drama, sandiwara, dagelan, lsp. ("Seni pertunjukan yaitu seni mempelajari tentang pertujukan yang indah, seperti; drama, sandiwara, dagelan, dll")

3. Perlune Nyinau Kagunan (Fungsi Mempelajari Kesenian)

Kita pancen mula perlu nyinau kagunan. Amrih kanthi mangkono dadi bisa lan kwagang ngrasa-ngrasakake marang endahing kagunan mau. Lire bisa weruh marang endahe, lan bisa krasa marang rasane, ora perlu gawe utawa gawe-gawe tetironing endah. Awit kaendahan iku angel, ora kena/bisa ditirokake utawa dijiplak. ("Kita memang perlu mempelajari kesenian. Dengan begitu kita menjadi bisa merasakan keindahan seni tersebut. Maksudnya bisa tahu akan keindahannya, dan bisa merasakan keindahannya, tidak perlu membuat atau mengada-ada tiruan keindahan. Karena keindahan itu sulit, tidak bisa ditiru atau dijiplak".)

Dene kang minangka kanggo ukuran ngarani endah lan orane tumrap ing Kagunan Basa, dumunung ana ing jero-cetheking rasa kasusastran. Mulane ya bab kagunan basa iki kang dirembug ana ing Kasusastran. ("Yang menjadi ukuran untuk menilai indah dan tidaknya dalam seni sastra, berada pada dalam dan tidaknya rasa kesusastraan yang dimiliki. Makadari itu bab seni sastra inilah yang dibahas dalam kesusastraan".)

Minangka titikane manawa Kagunan Basa iku becik, yaiku manawa: surasane edi, tetembungane peni, sarta edining surasa lan penining tetembungane iku bisa timbang (jumbuh). ("Yang menjadi patokan sebuah seni sastra ini baik, yaitu apabila; baik dirasakan, bahasanya halus, serta kebaikan rasa dan kehalusan kata itu dapat sesuai")

4. Wong Guna (Seniman)

Wong guna yaiku wong kang bisa ngulah budayane utawa akal budine (nalare, angen-angene) nganti bisa mahyahake utawa nuwuhake kagunan adi-luhung, yaiku: samubarang apa kang isi kaendahan. Ing basa Indonesiane diarani: ”seniman”.

5. Pujangga

Pujangga yaiku wong guna kang bisa mahyahake (medharake) bab-bab kanthi abasa kang endah.
Pujangga lumrahe sok ditembungake liya:Kawitana, Kawindra, Kawiwara, utawa Kawiswara.

Sapa ta satemene kang sinebut Pujangga iku?

a. Ing jaman Majapait Pujangga (Bhujangga) iku ewoning Pandhita, lan raket banget karo Ratu; lumrahe dadi paran para tumrap nata. Urusane ora mung mligi babagan agama, nanging uga ing babagan kaprajan iya melu cawe-cawe. Pujangga iku kerep suka pepadhang.

b. Wiwit jaman Pakubuwana II, Pujangga iku kalebu golongane abdi-dalem, kang mligi marsudi kawruh sarta nganggit-anggit layang, kasusastran, gawe pengetan sarasilahing para ratu. Dadi dheweke kajumenengake (diangkat) dening Sang Nata.

Pujangga iku kasinungan kalimpatan 8 warna, yaiku:
1. Paramengsastra: tegese ahli ing babagan sastra, ahli basa. (sastrawan).
2. Paramengkawi : tegese ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang. (pengarang).
3. Mardawa lagu : tegese ahli ing bab tembang lan gendhing. (mardawa = alus).
4. Mardawa basa : tegese ahli ing bab-migunakake basa kang ngresepake, kang njalari trenyuh ing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi marang sih wilasa, lsp.
5. Mandra guna : tegese wasis banget ing bab kagunan.
6. Awi carita : tegese limpat ndongeng utawa carita kang nengsemake ati.
7. Nawung kridha : tegese alus pangrasane nganti bisa nanggapi krenteging atine liyan.
8. Sambe gana : tegese utama banget uripe.

Panjenengane R. Ng. Ronggowarsita iku uga kagungan kalimpatan 8 warna iki.

c. Ing jaman saiki, lumrahe kang sinebut Pujangga iku, yaiku Wong kang ahli sastra, baut nganggit-anggit, lan anggitane karangane) mau dikarepi ing masarakat.

6. Kasusastran (Kesusastraan)

Tembung ”kasusastran” asale saka tembung lingga: ”sastra” kang ateges: piwulang, kawruh, tulis; oleh wuwuhan tembung: "su" , kang tegese: linuwih; sarta oleh ater-ater: "ka" Ian panambang: "an".

Dadi Kasusastran nduweni teges: piwulang, kawruh utawa kagunan kang apik banget, kagunan kang endah, amarga binabar mawa (nganggo) basa kang endah utawa basa kang edi-peni.

7. Carane Medharake Kasusastran (Macam-Macam Kesusastraan)

Carane medharake kasusastran iku bisa katempuh sarana 4 cara, yaiku:
A. Adhapur subyektip, karan Kasusastran Lyrics utawa: Lirik.
B. Adhapur obyektip, Jenenge Kasusastran Epics, utawa; Epik.
C. Adhapur guneman, diarani Kasusastran Dramatics, utawa: Dramatik.
D. Adhapur piwulang, ingaranan Didaktics, utawa: Didaktik.

Dene wujude siji Ian sijine bisa katerangake mangkene:

8. Lyrik

Kasusastran Lyrik yaiku crita kang subyektip. Dadi panemune kang nganggit carita mau katara banget yen digelarake. Kayata: Sengsem marang kaendahaning alam;
Sengsem marang bab agama; Katresnan; lsp.

9. Epik

Kasusastran Epik yaiku kang marga saka kadadeyaning (obyek) kang dirembug (obyektip). Bab iki kena kapilah-pilah antarane yaiku:
1. Mythe (mythos) ; dongeng bab rembulan, lindhu, lsp.
2. Sage : dongeng nagara, Majapait, Ambarawa, Gunung Brintik, lsp.
3. Sage para gegedhug : dongeng Panji.
4. Epos bab kewan : dongeng Kandl.
5. Dongeng lugu : dongeng Cindhelaras.
6. Dongeng suci : carita Menam Babil (P. D. 11, 1-9).
7. Dongeng parabel : pralambang, nggelarake kasucian.
8. Dongeng fabel : carita pasemon.
9. R o m a n : Racake dawa, rowa, nyaritakake lelakon. Kayata: Serat Riyanta.

10. Dramatik

Drama, tegese; tandang, tindak, lelakon. Lelakon ing kene bisa kawujudake sarana:
Paguneman (dialog).
Ulat/Polatan (mimiek).
Solah-bawa (Opera).
Joged.
Lelagon/Gendhing, tetabuhan.

11. Didaktik

Didaktik, tegese; piwulang. Kasusastran Lyrik, Epik, lan Dramatik iku uga ana kang surasane anggelar piwulang, upamane ing bab agama, kautaman, kawruh, lsp.

12. Bedane; Kapustakan, Paramasastra, lan Kasusastran

Bedane antarane kawruh Kapustakan, Paramasastra Ian Kasusastran iku, bisa katerangake mangkene: Kapustakan, iku kawruh bab "isine" pustaka (isine layang utawa buku). Pancen ya bener, manawa ing kene bab basane uga melu dirembug (dielingi), nanging sing wigati dhewe bab isine.

Paramasastra, yaiku kawruh kang mratelakake bab ”benere” pangrimbage tembung; benere olehe ngarani rimbage, benere olehe negesi manut rimbage, benere pakecapane, benere panulise (ing aksara Jawa lan Latin), lan benere panggonane ing ukara.

Kasusastran, iku kawruh bab ”endahing” basa, basa kang endah, basa kang edi-peni. Dadi ora mung mligi bab isine lan benere, nanging sing wigati banget ing kene endahe.

13. Kasusastran Jawa (Kesusastraan Jawa)

Kasusastran Jawa yaiku Kagunan adi-luhung kang kababar utawa kalairake sarana basa Jawa kang endah. Sakabehing kagunan adi-luhung kang isi kaendahaning basa Jawa, iku kabeh kalebu Kasusastran Jawa. Dadi ora ngemungake kang tinulis bae, nanging uga kang diucapake sarana lesan. Ora ngemungake kang katulis ing sastra (tulisan = aksara) Jawa bae, nanging uga kang tinulis mawa aksara liya. Uga ora ngemungake kang rinipta dening pujangga-pujangga abangsa Jawa bae, nanging kalebu uga kang ginita dening’ pujangga-pujangga bangsa manca.

Lan ora mligi kang kababar (dicetak) ana ing tanah Jawa bae, uga kalebu kang diwetokake (diterbitkan) ana ing jaban nagara.

Cekak-cukupe: kabeh kang isi kaendahaning basa Jawa, yaiku sing kalebu ing Kasusastran Jawa.

14. Perangane Kasusastran Jawa (Jenis-jenis Kesusastraan Jawa)

Miturut wujud Ian lelewaning basa (gaya bahasa) apadene wedharing kagunan, Kasusastran Jawa iku kena kaperang dadi 3 yaiku:
a. Kasusastran Jawa Kuna
Sumbere : ana kraton Jawa Wetan.
Moncer-moncere : ing jaman Kediri.
Tembang : Kekawin.

b. Kasusastran Jawa Tangahan (1400 1800)
S u m b e r e : ana Jawa Wetan lan Bali.
Moncer-moncere : ing jaman Erlangga.
B a s a n e : basa Jawa Tengahan.
Tembang : Kidung.

c. Kasusastran Jawa Anyar (1600 - ...)
Kabedakake ana 2 warna, yaiku:
1. Kasusastran Jawa Anyar:
P u s e r e : ana ing kraton Jawa Tengah.
Moncer-moncere : ing jaman Surakarta wiwitan.
Ing jaman iki, Kasusastran Gancaran meh ora ana.
Tembang : Macapat.
2. Kasusastran Jawa Modern
P u s e r e : ana ing kraton Jawa Tengah.
Moncer-moncere : ing jaman Mataram.
Ing jaman iki, tembang Macapat isih diudi, nanging wiwitan nengenake Gancaran.
Kang mblaban gancarane yaiku R. Ng. Ronggowarsita, dene sing nerusake ngipuk-ipuk Ki Padmasusastra, R. N g. Sindhupranata, R. Ng. Sastrakusuma, lsp.

15. Basa Kang Dianggo Ing Kasusastran Jawa (Bahasa yang Digunakan dalam Kesusastraan Jawa)

Basa kang dianggo ana ing Kasusastran Jawa yaiku basa Jawa, kang tinata kanthi iketan kang apik, runtut, nglungguhi undha-usuking basa, nganti bisa dadi basa kang endah. Dene iketaning ukarane kena awujud basa gancaran, Uga kena sinawung ing tembang.

16. Tembang

Tembang yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu (gumathok) kang pamacane (olehe ngucapake) kudu dilagokake nganggo kagunan swara. Tembang kalebu ewoning basa pinathok kang tumata.

17. Cakepan

Cakepan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang dianggo utawa tinemu ana ing tembang.

18. Pedhotan

Pedhotan yaiku papan pengasoning napas nalika nglagokake tembang. Kabedakake ana 2 warna, yaiku:
a. Pedhotan kendho: yaiku pedhotan kang dumunung (tumiba) ana ing wekasaning tembang.
Tuladha : Bapak Pucung/ ...........

b. Pedhotan kenceng: yaiku pedhotan kang ora dumunung ing wekasaning tembung.
Tuladha : Anoman ma/lumpat..........

Pedhotan kang apik yaiku pedhotan kendho. Marga kepenak diwaca lan gampang disurasa isine dening wong kang maca, apa dene wong sing ngrungokake tembang mau.

19. Andhegan

Andhegan yaiku papan pangasoning napas nalika nglagokake tembang, nanging pangasone luwih suwe tinimbang ana ing pedhotan.

Tumrap tembang gedhe, andhegane dumunung ana ing wekasaning kabeh ”padapala”; dene tumrap tembang tengahan ana ing wekasaning kabeh gatra. Wondene tumrap tembang macapat, dumunung ana gatra sing endi, ora tartamtu; kanggo gampange ndelenga daptar No. 28 kang mawa tenger (A).

20. Pada lan Padeswara

Pada yaiku wewaton cacahing gatra utawa kumpulaning gatra saben satembangan (bait = couplet).

Tumrap tembang gedhe diarani: ”Padeswara”.
Saben sapadeswara kadadeyan saka 2 padadirga utawa 4 padapala. Dadi sapadadirga ana 2 padapala. (1 padeswara = 2 padadirga = 4 padapala). Cacahing wanda saben sapadapala diarani: laku.

21. Pupuh

Pupuh yaiku kumpulaning tembang sawarna kang kadadeyan saka pirang-pirang pada, lan kang surasaning cakepane siji lan sijine ana gegayutane.

22. Irama

Irama yaiku rindhik-rikating swara nalika nglagokake tembang utawa tamban-sesege panabuhing gamelan (panuthuking balungan ing gendhing).

23. Cengkok

Cengkok yaiku lak-luking swara kang dianggo nglagokake; tembang, manut titi larase (tetenger kang dianggo ing tembang).

24. Guru Gatra

Guru Gatra yaiku paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane.
Upamane: Tembang Pucung guru gatra 4, Pangkur 7, Gambuh 5, Dhandhanggula 10, Kinanthi 6, lsp.

25. Guru Wilangan

Guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda saben sagatraning tembang.
Upamane: Tembang Pucung: Gatra I=12 wanda, gatra II = 6 wanda, gatra III = 8 wanda, gatra IV = 12 wanda, Mangkono sapiturute.

26. Guru Lagu

Guru lagu yaiku paugeran dhong-dhinging swara utawa sukon-wuloning swara ana ing saben wekasaning gatrane tembang.

Upamane:
Tembang Pucung, gatra I tiba swara: U, gatra II tiba swara: A, gatra III tiba swara: I, gatra IV tiba swara: A. Lan sapiturute.

27. Perangan lan Jinising Tembang

Tembang-tembang kang lumrah kanggo ana Kasusastran ing jaman saiki cacahe ana 15 iji, kaperang dadi 3 golongan yaiku:

A. Tembang Cilik, lumrahe diarani: Tembang Macapat.
Cacahe ana 9 warna, yaiku:
1. Maskumambang,
4. Asmaradana,
7. Mijil,
2. Pucung,
5. Pangkur,
8. Sinom,
3. Kinanthj,
6. Durma,
9. Dhandhanggula.

(Apalane: Mas Pucung kanthi kasmaran ngungkurake Durma, mijil Sinom lan Dhandhanggula).

B. Tembang Tengahan, uga sok ditembungake Tembang Dagelan. Cacahe ana 5 warna yaiku: Jurudemung,
Megatruh (Dhudhukwuluh),
Gambuh,
Wirangrong,
Balabak.
(Apalane: Jurudemung megat Gambuh, wirang lan balabak).

C. Tembang Gedhe, utawa lumrah kasebut Tembang kawi.
Cacahe mung ana siji, yaiku: Girisa. Dene wewatone tembang gedhe antarane yaiku:
Saben sapadane kadadeyan saka 4 gatra.
Cacahing wanda saben sapadane diarani: ”Padapala”.
Cacahing wanda diarani: ”laku”, kang kabagi ing ”pedhotan”.
Tanpa/ora nganggo guru lagu.

Posting Komentar untuk "Kasusastran Jawa"