Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

25 Tembang Durma dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap

Tembang Durma berasal dari kata “darma/weweh” (berderma/memberikan sumbangan). Sifat alami manusia apabila telah merasa berkecukupan maka kemudian timbul rasa welas asihnya kepada sesama yang sedang diterpa masalah.Oleh karena itu, kemudian timbul perusaan iba dan ingin memberikan sumbangan kepada sesama. Karena itu memang sudah menjadi watak manusia yang ingin selalu berderma akibat dari welas asih hatinya.

Pandangan lain mengatakan istilah Durma merupakan kepanjangan dari "munduring tata krama", dan sepertinya pandangan tentang pengertian Durma inilah yang lebih sesuai dengan watak dan karakter tembang durma. Tembang Durma menggambarkan sifat karakter manusia yang sedang lalai, congkak, sombong, dan ingin menang sendiri. Masa seperti ini biasanya sering dialami manusia dewasa yang telah mendapatkan kesuksesan, kejayaan dan hingga lupa diri.
tembang-durma
Tembang Durma
Tembang Durma memiliki watak amarah, keras, sombong, dan penuh hawa nafsu.

Aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan Tembang Durma yaitu:
12a-7i-6a-7a-8i-5a-7i
Artinya:
a. (Guru gatra = 7) Durma memiliki 7 larik atau baris kalimat.
b. (Guru wilangan = 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7) Kalimat pertama berjumlah 12 suku kata, dan seterusnya hingga kalimat ke tujuh sesuai urutan memiliki jumlah suku kata tersebut diatas.
c. (Guru lagu = a, i, a, a, i, a, i) Akhir suku kata setiap kalimatnya bervokal a, i, a, a, i, a, i.
Syair Tembang Durma dalam Serat Panji Raras antara lain sebagai berikut.

Tembang Durma

1) Lumayua lan arimu dipun enggal,
sang retna anahuri,
bibi emah-eman,
kembange akeh megar,
dupeh sarpa gigi lani,
lag ngarah apa,
ni randha duk miarsi.

2) Kontrangkantring saking marase kalintang,
dhuh aduh anak mami,
age lumayua,
yata kang kawuwusa,
wonten gegaman geng prapti,
jawing taman,
ingkang hadarbebaris,

3) Nateng Siyem kalawan nateng Manila,
prapta tunggiling kardi,
harsa amisesa,
marang randha Dhadhapan,
yata risang sarpa uning,
yen praptanira,
rising narpati kalih.

4) Minger medah Sang Retna Galuh tinilar,
sang naga prapteng jawi,
sedya ananggulang,
praptane kang gegaman,
laju sumebut dhatengi,
krura angakak,
gora reh gigirisi,

5) Wadya bala Siyem kalawan Manila,
kagyatira tan sipi,
mundur tur uninga,
marang narendranira,
yen wonten sarpa gang prapti,
saking jro taman,
galak anerak baris.

6) Rajeng Siyem Manila angatag wadya,
kinen angrubut jurit,
pinrih patinira,
nyana sarpa wantahan,
punggawa kinen mangarsi,
kang prawireng prang,
keh sikep gada bindi.

7) Risang sarpa uninga pinagut yuda,
sumebut andhatengi,
sumembur wisanya,
kadya riris sumebar,
wadya bala anadhahi,
surak gumerah,
lan tengara tinitir.

8) Gumarudug anawat sela lir udan,
tanapi gada bindi,
kunta myang senjata,
tibeng angganing sarpa,
datan mantra anedhasi,
sangsaya krura,
molah amuter pethit,

9) Kadya kilat sisik mubyar kabaskaran,
yayah tinubing rukmi,
sumiyut gumebyar, nibani wadyabala,
sewu prajurit kaplipis,
remuk sumebar,
singlar-singlar keh mati.

10) Maputeran panyabete kering kanan,
sinosog waos biting,
tan mantra tumama,
saya keh wadya bala,
kang ngemasi kapalipis,
kang teguh rosa,
picondhang mempis-mempis.

11) Ing wusana bubar larut asar-saran,
tan kena den adhangi,
mring para punggawa,
ginebugan ameksa,
kang saweneh ana angling,
sapa kang kelar,
tumanggah mesthi mati.

12) Angur silih den adu padha manungsa,
babegjan padha siji,
iku buron sarpa,
tan nganggo kira-kira,
lawan ora idhep wedi,
daya cilika,
gedhe sapuluh tiris.

13) Yata para punggawa sareg umangsah,
satus samya sinekti,
sewu mantri wira,
panggah ngangsahken gada,
kunta nanggala myang bindi,
tumibeng sarpa,
tan mantra miyatani.

14) Wadya wuri giniring mring ratunira,
bentet samya ngebyuki,
surak lir ampuhan,
tambuh kehing gegaman,
sang naga molah nguwati,
nembur magalak,
hruning wisa lir riris.

15) Kang kataman keh malepuh gundam-gundam,
sagung para bupati,
sakedhap kewala,
sinabet kasulayah,
kang panggah kaplipis rujit,
prabu kalihnya,
waspada aningali,

16) Solahing kang yuda ananggulang sarpa,
tan mantra angawali,
malah keh picondhang,
duka prabu kalihnya,
mangsah ratanira gumrit,
mangekapada,
menthang langkap pinusthi.

17) Mijil hastra neka warna pangawasa,
gumredeg anibani,
Sakehing kadibyan,
nira prabu kalihnya,
sang amindha sarpa kalis,
datan kasoran,
retna Kenakasasi.

18) Datan kewran karya tangkising kagunan,
sang mindha sarpa nuli,
manjongok angakak,
meh parek lawan rata,
sirahing naga ngungkuli,
rataning nata,
netra katon gumilir.

19) Gilar-gilar kadya ingkang surya kembar,
suing kumilat kengis,
lidhah lir daludag,
raja Mandrasaraba,
kekes denira ningali,
angganing sarpa,
dene yayah rinukmi.

20) Alon matur mring kang paman Sri Manila,
dede wados puniki,
paran karseng rama,
hulun datan kawagang,
ngandika Sri Bramasekti,
sira menenga,
ingsun arsa mungkasi.
      (Serat Panji Raras)

21) Dhuk miarsa krodha prabu Dasamuka,
denira wre Subali,
sedya ngluwihana,
lawan isining jagad,
nudingi asru dennya ngling,
kagila-gila,
si monyet ingkang pinrih.

22) Diyu ditya manungsa sanadyan dewa,
nora keha nimbangi,
guna kuringaprang,
mengko monyet ngalunyat,
peksa lumuwih neng bumi,
lah kalahena,
wuk kuring aprang dhingin.

23) Duk miarsa Subali madeg krodhanya,
sugal dennya nauri:
apa talingira,
dene kabina-bina,
ambegmu angluluwihi,
ndhasmu tan kaprah,
buta gedheging bumi.

24) Sining jagad apa sira dhewe ingkang,
sineren guna sekti,
buta palawija,
migena wong atapa,
yen sira kudu ajurit,
lah tekakena,
budimu sun kembari.

25) Krodha prabu Rawana narik candrasa,
pinrang luput ngoncati,
Subali malumpat,
mbedhol wit gorarupa,
pinuter saengga giri,
Sri Dasamuka,
pinupuh angoncati.

Video Tembang Durma


Baca juga:
Kumpulan Tembang Macapat Sesuai Urutan Lengkap Makna dan Contohnya
21 Tembang Mijil dan Artinya Secara Lengkap
19 Tembang Maskumambang Dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap
6 Contoh Tembang Macapat Sinom dan Artinya Secara Lengkap
15 Contoh Tembang Megatruh dan Terjemahannya Secara Lengkap

1 komentar untuk "25 Tembang Durma dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap"

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.