Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Paramasastra Basa Jawa

Paramasastra yaiku ngelmu kang nyinau babagan penulisan, aksara, wanda sarta tataning tembung lan ukara ing basa Jawa. ("Paramasastra yaitu ilmu yang mempelajari tentang penulisan, aksara, ejaan/ bacaan Jawa, serta tata bahasa dan kalimat dalam bahasa Jawa.")

1. Aksara

Aksara yaiku wujuding gambaraning swara. ("Aksara yaitu wujud atau simbol dari sistem penulisan suara".)
Tuladha: a, b, c, d, e, f, g, h.....tekan...z.

2. Wujuding Aksara

a. Aksara menga utawa aksara urip (huruf vokal), yaiku aksara kang wis mujudi wanda utawa wis kena dianggo nulis. ("Aksara menga atau aksara urip (huruf vokal), yaitu aksara yang sudah berwujud ejaan atau sudah dapat digunakan untuk menulis".)
Tuladha: a, i, u, o, é, è, lan e.
b. Aksara sigeg utawa aksara mati (huruf konsonan), yaiku aksara kang durung kena kanggo mujudi gambaraning wanda yen durung karaketan aksara menga. (Aksara sigeg atau aksara mati (huruf konsonan), yaitu aksara yang belum dapat dikatakan berwujud ejaan jika belum mendapatkan tambahan aksara menga/ huruf vokal".)
Tuladha: b, c, d, f, g, h, j, k, l, m, n, p,....lsp.

3. Wanda

Wanda yaiku swara utawa kecap. ("Wanda (ejaan/ bacaan Jawa) yaitu suara atau bacaan".)
Tuladha: a, ku, ma, pan, tu, ru,.....lsp.

4. Wujuding Wanda

a. Wanda menga, yaiku wanda kang awekasan aksara menga, lan lumrahe kena kaulur nganti sasuwe-suwene. ("Wanda menga, yaitu wanda yang berakhiran aksara menga, dan biasanya dapat dieja panjang".)
Tuladha: a, i, u ,o, é, è, e, la, mi, pu, do, re, lsp.
b. Wanda sigeg, yaiku wanda kang awekasan aksara sigeg, lan lumrahe ucapane sigeg (cekak), ora kena kaulur dawa. ("Wanda sigeg, yaitu wanda yang berakhiran aksara sigeg, dan biasanya bacaannya sigeg (pendek), tidak dapat dieja panjang".)
Tuladha: plek, leg, byak, bud, top, bab,....lsp.

5. Tembung

Tembung, yaiku kumpulaning wanda utawa uni kang wis mawa (nduweni) teges, kedadeyan saka sawanda utawa luwih. ("Tembung, yaitu kumpulan ejaan atau bunyi yang sudah mengandung arti, berasal dari satu ejaan atau lebih".)
Tuladha: leng, byur, sreng, bocah, pawon, sagara, nagara, pancasila,...lsp.

6. Jisining Tembung

Miturut ahli tata bahasa tradhisional S. Padmosoekotjo dalam buku Paramasastra Jawa, jinising tembung kaperang ana 10 werna, yaiku;
a. Tembung Kriya(Kata Kerja)
Kayata: mangan, nyapu, nyukur, turu, ngobong, ngantem, mancing, nulis, nabok, lan sapanunggalane.
b. Tembung Kaanan (Kata Sifat Keadaan)
Kayata: lemu, kuru, gedhe, cilik, bodho, pinter, kandel, tipis, dawa, lan sapanunggalane.
c. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Kayata: siji, loro, telu, akeh, sithik, kabeh, saperangan, separo lan sapanunggalane.
d. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Kayata: lan, karo, dene, amarga, jalaran, ewadene, sebab, lan sapanunggalane.
e. Tembung Panguwuh/Panyeru (Kata Seru)
Kayata: lho, wah, e, adhuh, oh, ah, hem, astaga, lan sapanunggalane.
f. Tembung Ancer-ancer (Kata Depan)
Kayata: ing, saka, menyang, dening, kanggo, marang lan sapanunggalane.
g. Tembung Panyilah (Kata Sandang) Kayata: si, sang, sri, yang, sang hyang, lan sapanunggalane.
h. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Kayata: rada, banget, lagi, arep, wis, kira-kira, lan sapanunggalane.
i. Tembung Sesulih (Kata Ganti)
Kayata: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, sing, ana, kang lan sapanunggalane.

7. Wujuding Tembung

Miturut wujude utawa dhapure diperang dadi loro yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.
a. Tembung Lingga, yaiku tembung kang durung owah saka asale, utawa tembung kang isih wutuh.
Tuladha: omah, papan, siji, pangan, bocah, resik,..lsp.
b. Tembung Andhahan, yaiku tembung kang wis owah saka asale, sarana dirimbag; diater-ateri; dipanambangi; diseseli; dicambor; karangkep; lan sapanunggalane.

9. Tegese Tembung Camboran

Tembung camboran, yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji. Manawa kapirid saka tegese tembung camboran nduweni teges telung warna, yaiku;
a. Teges aran; semarmendhem, nagasari,...lsp.
b. Teges kriya; dok-kur, suduk-jiwa,....lsp.
c. Tembung kaanan; peteng dhedhet, dhe-gus,...lsp.

10. Ater-Ater

Ater-ater, yaiku wuwuhan kang dumunung ana sangareping lingga. Wujuding ana 18 warna, yaiku;
dak, ko, di, ka, ke, sa, pa, pi, pra, pri, tar, kuma, kami, kapi, am, an, any, ang.

11. Panambang

Panambang, yaiku wuwuhan kang dumunung ana saburining lingga. Cacahe ana 11 warna, yaiku; ku, mu, e, ne, a, i, ana, an, na, en, ake.

12. Seselan

Seselan, yaiku wuwuhan kang dumunung ana ing satengahing lingga. Cacahe ana 4, yaiku; in, um, er, el.

13. Rimbag

Rimbag yaiku ngowahi tembung saka asale. Umpamane sarana kacambor, karangkep ngarepe, utawa burine, diater-ateri, dipanambangi, lsp. Miturut wujude (jinise), rimbag bisa kabedakake ana 13 warna, yaiku
a. Rimbag lingga andhahan
b. Rimbag tanduk
c. Rimbag tanggap
d. Rimbag tandhang
e. Rimbag sananta
f. Rimbag Bawa
g. Rimbag guna
h. Rimbag adiguna
i. Rimbag hagnya (pakon)
j. Rimbag sambawa
k. Rimbag dwi (purwa, lingga, wasana)
l. Rimbag wisesana
m. Rimbag wacaka

14. Ukara

Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang mawa (nduweni) teges.

Tuladha;
  • aja!...emoh!...ayo!
  • aku lagi sinau basa Jawa.
  • pitikku mati mangan racun.
  • pak guru maringi garapan murid-murid..lsp
Baca juga:
Tembung Entar Lan Tegese dalam Bahasa Jawa
Tembung Saroja dan Artinya Secara Lengkap

Demikian ulasan tentang "Paramasastra Basa Jawa" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel seni sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Posting Komentar untuk "Paramasastra Basa Jawa"