Tembung Camboran: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)
November 22, 2019
Add Comment
Konten [Tampil]
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji. (terjemahan; Tembung camboran yaitu dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan memiliki satu arti). Kata-kata atau istilah dalam bahasa Jawa sering diambil dari rangkaian atau gabungan beberapa kata secara utuh atau beberapa kata yang disingkat yang memiliki arti baru, salah satunya yang disebut dengan tembung camboran ini.
Contoh tembung camboran, yaiku; buku gambar, sayuk rukun, lemari kaca, guru, bangjo
Macam- macam tembung camboran, antara lain;
1. Camboran Wutuh
2. Camboran Tugel
3. Camboran Tunggal
4. Camboran Wudar
Contoh tembung camboran wutuh yaitu;
Contoh tembung camboran tugel yaitu;
Contoh tembung camboran tunggal yaitu;
Contoh tembung camboran wudar yaitu;
Tuladha tembung yogyaswara yaiku;
Contoh tembung camboran, yaiku; buku gambar, sayuk rukun, lemari kaca, guru, bangjo
Macam- macam tembung camboran, antara lain;
1. Camboran Wutuh
2. Camboran Tugel
3. Camboran Tunggal
4. Camboran Wudar
1. Camboran Wutuh
Camboran wutuh yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane. (terjemahan; Camboran wutuh yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu dan tidak mengurangi jumlah suku katanya).Contoh tembung camboran wutuh yaitu;
- Anjaniputra = anoman
- bala pecah = barang gampang pecah
- bapa biyung = wong sing ngukir jiwa raga
- buntu urang = rambut ing githok
- gantung kepuh = ora tau ganti sandhangan
- gantung siwur = keturunan kang kaping pitu
- gotong mayit = anak telu wadon kabeh
- gilir kacang = anak akeh giliran lanang wadon
- Imogiri = araning panggonan (desa) ing Bantul
- jaran kepang = wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
- juru kunci = tukang ngrumat, papan kramat, sareyan
- kacamata = tesmak, piranti kanggo ndeleng
- kadhal menek = araning gelung (pungkasaning gurung)
- kala menjing = jendholan ing gulu tumrap wong lanang
- Karangmalang = arane desa
- maratuwa = wong tuwane bojo
- nagasari = araning panganan
- parang rusak = araning bathik
- randha royal = araning panganan
- semar mendem = araning panganan
- tutup keyong = perangan omah kampung
- udan riris = corak bathik
- Wanasaba = araning kutha
2. Camboran Tugel
Camboran Tugel yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.(terjemahan; Camboran tugel yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku katanya).Contoh tembung camboran tugel yaitu;
- bangjo = abang ijo
- kosik = mengko dhisik
- bulik = ibu cilik
- lunglit = balung kulit
- dhelik = gedhe cilik
- pakdhe = bapak gedhe
- dhegus = gedhe bagus
- pakpuh = bapak sepuh
- dubang = idu abang
- perko = emper toko
- kakkong = tungkak bokong
- tingwe = nglinting dhewe
- kongel = bokong cengel
- thukmis = bathuk klimis
3. Camboran Tunggal
Camboran tunggal yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh mergo wis nduweni teges anyar.(terjemahan; Camboran tunggal yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu, tetapi antara satu kata dengan kata lainnya tidak bisa dipisah-pisah lagi karena sudah memiliki arti baru).Contoh tembung camboran tunggal yaitu;
- Gandarukem
- Nagasari
- Semar mendem
- Daramuluk
4. Camboran Wudar
Camboran wudar yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.(terjemahan; Camboran wudar yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu, tetapi antara satu kata dengan kata lainnya masih memiliki arti sendiri).Contoh tembung camboran wudar yaitu;
- Pelem golek
- Wayang kulit
- Meja tulis
- Piring beling
Tembung Yogyaswara
Yogya=becik, yogyaswara tegese swara sing becik, Tembung yogyaswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji sing meh padha pangucapane (sing ngarep tiba swara "a" sing buri tiba swara "i"), mung beda wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon.Tuladha tembung yogyaswara yaiku;
- apsara-apsari
- pemudha-pemudhi
- bathara-bathari
- putra-putri
- dewa-dewi
- raseksa-raseksi
- gandarwa-gandarwi
- widadara-widadari
- kedhana-kedhini
- yaksa-yaksi
Baca juga:
Demikian ulasan tentang "Tembung Camboran: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)" yang dapat kami sampaikan. Baca juga artikel seni budaya Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.
0 Response to "Tembung Camboran: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)"
Post a Comment
Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.