Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Serat Wulangreh Pupuh Pangkur lan Artine (Bahasa Jawa lan Bahasa Indonesia)

serat-wulangreh-pupuh-pangkur

Pupuh tembang Pangkur ing Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Pupuh Pangkur ing Serat Wulangreh kasebut isine bab tata krama, bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng wataking manungsa kang mapan ing alam donya iki.

Serat wulangreh pupuh pangkur isine bab tata krama tartamtu cocog banget kanggo para siswa sing lagi golek ngelmu ing sekolah. Manawa bisa diugemi lan ditiru dening para siswa, ajaran utawa piwulang kang ana ing tembang Pangkur kasebut wiwit biyen nganti saiki isih cocog. Kajaba marang para siswa, para kanoman, lan bebrayan umum uga isih cocog. Filsafat lan ajaran ing sajroning tembang Pangkur kasebut adi luhung banget kanggone manungsa ing alam donya. Diarani adi luhung amarga ajaran utawa piwulang sajroning tembang Pangkur kasebut duweni nilai filsafat sing luhur utawa dhuwur banget. Manawa para siswa bisa nglakoni ajaran lan piwulang sajroning tembang Pangkur kasebut, para siswa mesthi wae bakal tumata tindak-tanduke, unggah-ungguhe, lan solah bawane.

Kajaba piwulang bab tata krama, Tembang Pangkur ing Serat Wulangreh uga ngemot bab piwulang ala lan becik. Para siswa kudu bisa mbedakake bab ala Ian becik. Bab kang apik dilakoni bab kang ala disingkiri. Manawa para siswa bisa nglakoni samubarang kaya sing diandharake ing Serat Wulangreh iki, prasasat para siswa duweni nilai karakter kang agung. Kosok baline manawa para siswa padha nerak angger-angger kang ana ing tembang Pangkur Iki, para siswa bakal rusak mentale, miskin nilai karakter, lan ora duweni watak berbudi bawa laksana. Tegese para siswa seneng nerak angger-angger kang ana ing urip padinan. Manawa kaya mangkono para siswa prasasat rugi uripe. Yen rugi uripe, ateges uripe ora ana guna mupangate marang sapadha-padha. Ajaran utawa piwulang ala lan becik patut diugemi amrih uripe para siswa tumata, kepenak, lan tentrem, embuh iku ing lingkungan sekolah apadene ing lingkungan masarakat, tundhone duweni nilai karakter luhur kang akeh guna mupangate . 

Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa diperang dadi: pamilihing tembung kang digunakake ing Serat Wulangreh, mbiji runtuting ukara, lan mbiji nilai ajaran/ piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur. Manawa para siswa bisa mbiji lan ngapresiasi kaya ngapa adi luhunge serat piwulang mau, prasasat para siswa bisa nuladha ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh mau. Ing tembe bisa digunakake lan diterapake ing sekolah lan masarakat.

Tembang macapat pupuh Pangkur ing Serat Wulangreh bisa diandharake kaya ing ngisor iki, yaiku ana 17 pada utawa bait. Pada siji lan sijine ana gandheng cenenge isine. Dadi anggone negesi ora bisa dipisah-pisah, kanthi ancas lan tujuwan supaya para siswa mangerteni tembang Pangkur kasebut kanthi utuh lan bisa njupuk piwulangan lan nilai karakter kang becik saka tembang Pangkur mau. 

Serat Wulangreh Pupuh Pangkur "dening PB IV"

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 1 :

"Sekar Pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
aden kaesthi siyang ratri

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 1 dalam basa Jawa :

Wewarah/piwulang iki kaemot (dimuat) mawa tembang Pangkur, prayogane kokmangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 1 dalam bahasa Indonesia :

Nasihat ini dimuat dalam tembang Pangkur, Seyogianya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui, Pahami pula adat dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata krama tersebut.

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 2

"Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora lali
"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 2 dalam basa Jawa :

Aja padha nglalekake, akeh sithik padha jubriya (curiga) amarga iki kabeh ora kena dilalekake, embuh iku nalika isih melek, lungguhan, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong, lan nalika turu (kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran).

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 2 dalam bahasa Indonesia :

Jangan kau lupakan pertimbangan tersebut, boleh sedikit curiga karena hal itu merupakan (keharusan) yang tidak boleh kamu lupakan, baik ketika sedang terjaga, duduk, bangun, maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur (jangan lupakan nalar dan pikiranmu).

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 3 :

"Miwah ta sabarang karya,
ing prakara kang gedhe Ian kang cilik,
papat iku aja kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara miwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku aja lali

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 3 dalam basa Jawa :

Mangkono iku dadi lelimbangan/bahan pertimbangan perkara papat ing prakara gedhe lan cilik aja nganti kolalekake, kudu dilakoni saben dinane, awan lan bengi, ing kutha lan ing desa, kabeh iku kanggo manungsa kang duweni napas/urip. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 3 dalam bahasa Indonesia :

Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala hal baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari, siang atau malam, di kota maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk yang bernapas/kehidupan, 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 4 :

"Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhak,
nora wurung neniwasi"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 4 dalam basa Jawa :

Upama ana manungsa kang nglalekake nalar/pikiran, iku ora becik utawa ora patut ngumpul marang wong akeh kang becik nalare, aja kokcedhaki wong sing ora ngerti adat lan kang mung manut kekarepane dhewe, wong kang kaya mangkono iku bakal gawa karusakan. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 4 dalam bahasa Indonesia :

Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar, itu tidak patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tidak tahu adat dan hanya menuruti kemauannya sendiri karena orang seperti itu akan membawa kehancuran. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 5 :

"Mapan watake manungsa,
pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran ingkang,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang sugih lan kang melarat,
tanapi manungsa singgih"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 5 dalam basa Jawa :

Titikane tindak-tanduk utawa perilaku iku bisa dingingeti lumantar carane miaku lan lungguh, tindak-tanduke lan cara ngomonge. Sanajan wong mau ora pinter utawa bodho, duweni drajat dhuwur utawa cendhek, sugih lan miskin/mlarat. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 5 dalam bahasa Indonesia :

Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana caranya berjalan dan duduk, tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu pandai atau bodoh, berderajat tinggi atau hina, kaya atau miskin. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 6 :

"Ulama miwah maksiyat,
wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bebotoh kaum,
lanang wadon pan padha,
panitike manungsa watege wewategipun,
apa dene wong kang nyata,
ing pangawruh kang wus pasthi"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 6 dalam basa Jawa :

Ulama utawa wong nakal/penjahat, embuh iku kang wani utawa kang jirih, tukang colong jupuk/maling apadene bebotoh, lanang utawa wadon kabeh duweni watak lan titikan/ciri kang padha. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 6 dalam bahasa Indonesia :

Ulama atau penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki Ciri-ciri yang sama.

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 7 :

"Tinitik ing solah muna,
lawan muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung,
Winawas ginrahita,
pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujanma,
datan kongsi mindho gaweni"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 7 dalam basa Jawa :

Iku kabeh bisa katon saka tindak-tanduke, cara ngomonge, mlaku, lan lungguhe. Iku titikan/ciri kang gampang dingerteni lan dirasakake. Mulane wong kuna utawa wong biyen arang banget salah manawa mbiji wong liya. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 7 dalam bahasa Indonesia :

Terlihat dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan duduk, itu Ciri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu, orang zaman dulu tidak pernah salah dalam menilai orang lain di sekitarnya. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 8 :

"Ginulang sadina-dina,
wiwekane mindeng basa basuki,
ujubriya punkibiri,
sumungah tan kanggonan,
mung sumendhe ing ngarsanira Hyang Agung,
ujar sirik kang rineksa,
kautaman ulah-wadi"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 8 dalam basa Jawa :

Kabeh iku diupaya/dilakoni saben dinane supayane anggone ujar becik kaprungu, laku kang ora becik disingkiri, ora duweni tindak-tanduk kang ala, kabeh iku mung pasrah marang Gusti, tansah njaga ujar kang ora becik, kuataman sing digoleki.

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 8 dalam bahasa Indonesia :

Semua itu dilakukan setiap hari agar berbicara baik setiap hari, tingkah lakunya baik, yang jelek dijauhi. Semua itu senantiasa mendekat pada Gusti, agar manusia dapat menjaga tingkah laku yang kurang baik dan yang dicari hanya kebaikan. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 9 :

"Masa mengko mapan arang,
kang katemu ing basa kang basuki,
ingkang lumrah wong puniku,
dhengki srei lan dora,
iren meren dahwen pinasten kumingsun,
opene nora prasaja,
Jahil methakil bakiwit"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 9 dalam basa Jawa :

Ing mangsa saiki, angel banget nemokake tindak tanduk kang utama/apik. Umume manungsa ing jaman saiki padha dengki, srakah/tamak, seneng ngapusi/dora, kesed, seneng meri/merinan, seneng maido wong liya, gumedhe, ora jujur, jahil, jubriya, Ian ora jujur/curang. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 9 dalam bahasa Indonesia :

Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang baik. Umumnya (manusia sekarang) itu dengki, serakah, dan pembohong, malas, iri, senang mencela, sombong, tidak jujur, jahil, banyak curiga, dan curang. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 10 :

"Alaning liyan den andhar,
ing becike liyan dipunsimpeni,
becike dhewe ginunggung,
kinarya pasamuan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong mangkono wategnya,
nora kena dencedhaki"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 10 dalam basa Jawa :

Alaning wong liya dikandhakake marang wong akeh, apike wong liya malah disimpen/diumpetake, kaapikan/kaluwihane awake dhewe dibombong/diagul-agulake ing ngarepe wong akeh, ora ngrumangsani yen eleke awake dhewe iku akeh matumpuktumpuk. Wong kang kaya mangkono ora patut dicedhaki. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 10 dalam bahasa Indonesia :

Kejelekan orang lain disebarluaskan, sementara kebaikan orang lain disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang yang bertabiat seperti itu tidak layak kamu dekati. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 11 :

"Iku wong durjana murka,
nora ana mareme jroning ati, sabarang karepanipun,
nadyan wusa katekan,
karepane nora mari saya banjur,
luwamah lawan amarah,
iku kang den tutwuri"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 11 dalam basa Jawa :

Wong kaya mangkono diarani penjahat kang serakah, ora tau marem atine sanajan kabeh pepinginane wis bisa katurutan, niyat jahate sansaya ndadra lan ora tau mandheg, iku kabeh mung nuruti hawa nepsu lawamah/srakah lan amarah/seneng nesu/ gampang muntab. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 11 dalam bahasa Indonesia :

Orang seperti itu disebut penjahat serakah, tidak pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya tidak pernah berhenti, malah semakin menjadi-jadi, menuruti hawa nafsu lawamah dan amarah. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 12 :

"Ing sabarang tingkah polah,
ing pangucap tanapi lamun linggih,
sungkan asor ambegipun,
pan lumuh kaungkulan,
ing sujanma pangrasane dhewekipun,
nora ana kang memadha,
angrasa luhur pribadi"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 12 dalam basa Jawa :

Kabeh tindak tanduke, nalika ngomong lan nalika lungguh, kekarepane ora gelem dikalahake dening wong liya, ora seneng yen dipadhani wong liya, dheweke ngrumangsani onjo/luwih dhewe tinimbang liyane. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 12 dalam bahasa Indonesia :

Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk, tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, dia merasa dirinya paling tinggi.

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 13 :

"Aja nedya katempelan,
ing wewateg kang tan pantes ing budi,
wateg rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa,
dipunsami karya labuhan kang patut,
darapon dadi tuladha,
tinuta ing awuri
"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 13 dalam basa Jawa :

Aja nganti kowe kapatrapan/kapanggonan samubarang kang ora pantes, amarga tindak tanduk kang angkara murka lan jahat kaya mangkono ora patut diduweki manungsa. Mulane tindak tanduka sing becik saengga dadi tuladha Ian panutan ing tembe mburi. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 13 dalam bahasa Indonesia :

Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas karena perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia. Seyogianya berbuatlah kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan bagi orang lain di kemudian hari. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 14 :

"Aja lunyu lemer genjah,
angrong pasanakan nyumur gumuling,
ambubut arit puniku,
wateg datan raharja,
pan wong lunyu nora pantes dipunenut,
monyar-manyir tan anteban,
dela lemeran puniku

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 14 dalam basa Jawa :

Dadi manungsa aja seneng ngenggoni watak munafik, seneng goroh, lamis lambene ing pasamuan, amarga watak kang kaya mangkono iku ora bakal nylametake jiwa ragamu, watak kang kaya mangkono aja ditiru, seneng mencla-mencle tetembungane ora maton, watake lemer nggegilane ngaurip lan ora patut seduluran ing masarakat. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 14 dalam bahasa Indonesia :

Janganlah bersikap lunyu lemer genjah (berkata jorok), angrong pasanakan (suka berselingkuh), nyumur gumuling (tidak dapat menyimpan rahasia), dan ambubut arit (di depan terdengar baik tapi menggerutu di belakang) karena sifat itu tidak akan menyelamatkanmu, tidak patut kamu tiru. Watak lunyu itu artinya kata-katanya tidak bisa dipegang, tidak punya pendirian sedangkan sifatnya lemer (mudah tergiur sesuatu). Hal ini sangat memalukan ketika bergaul di muka umum. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 15 :

"Para penginan tegesnya,
genjah iku cak-cekan barang kardi,
angrong pasanak liripun,
remen ulah miruda,
mring rabine sadulur miwah ing batur,
mring sanak nyang prasanakan,
sok senenga den ramuhi
"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 15 dalam basa Jawa :

Manawa duweni pepenginan kudu kalakon lan seneng melik duweking liyan, seneng ngomong elek, gampang kapincut bojone liyan. Kabeh iku kumudu-kudu kalakon. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 15 dalam bahasa Indonesia :

Jika mempunyai keinginan mudah tergiur sesuatu. Genjah artinya senang berkata jorok, angrong pasanakan artinya senang berselingkuh dengan istri orang, dan jika sudah mencintai istri sahabat atau kerabat harus terlaksana. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 16 :

"Nyumur guling linira,
ambeladhah nora duwe wewadi,
nora kene rubung-rubung,
wewadine den umbar,
mbuntut arit punika pracekanipun,
ambener ing pangarepan,
nanging nggarethel ing wuri
"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 16 dalam basa Jawa :

Nyumur guling tegese wong kang bisa nyimpen wadi (rahasia), Manawa kaprungu kabar kang durung mesthi benere, cepet-cepet dipunsebar/dikandhakake marang liyan, tembunge manis sangarepe wonge nanging nggrundhel/guneman/ngrasani ing tembe mburi/Manawa ora ana wonge. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 16 dalam bahasa Indonesia :

Nyumur gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia, jika mendengar kabar (meskipun sebagian) langsung disebarluaskan. Mbuntut arit artinya di awal terdengar baik, tapi menggerutu di belakang. 

Teks serat wulangreh pupuh pangkur Pada 17 :

"Sabarang kang dipunucap,
nora wurung amrih oleh pribadi,
iku labuhan patut,
aja dha nedya nulad,
ing wateging nenem prakara punika,
sayogyane ngupayaa,
lir mas tumimbul ing warih
"

Isi serat wulangreh pupuh pangkur bait 17 dalam basa Jawa :

Kabeh sing diomongake mung kanggo kepentingane awake dhewe. Kabeh iku dudu tindak-tanduk kang becik. Aja niru sipat nem ing dhuwur mau, prayogane tumindak kaya dene emas kang tumimbul ing dhuwur banyu. Yen kaya mangkono iku luwih mupangat marang wong akeh. Kanggo tembang candhake, dilambangake kanthi tembung mas, yaiku tembang maskumambang. 

Arti serat wulangreh pupuh pangkur bait 17 dalam bahasa Indonesia :

Semua yang diucapkannya hanya untuk keuntungan diri sendiri. Hal itu bukan kebajikan yang baik, dan jangan ada yang meniru keenam sifat di atas. Seyogianya berlakulah seperti emas yang (tumimbul) atau terapung di permukaan. (Mas tumimbul merupakan isyarat tembang berikutnya setelah Pangkur adalah tembang macapat Maskumambang).

Baca juga :
6 Contoh Tembang Macapat Pangkur Lengkap Artinya
14 Tembang Pangkur dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap
Kumpulan Tembang Macapat Sesuai Urutan Lengkap Makna dan Contohnya

Demikian ulasan tentang "Serat Wulangreh Pupuh Pangkur lan Artine (Bahasa Jawa lan Bahasa Indonesia)" yang dapat kami sampaikan. Terimakasih telah berkunjung ke situs SeniBudayaku.com

Posting Komentar untuk "Serat Wulangreh Pupuh Pangkur lan Artine (Bahasa Jawa lan Bahasa Indonesia)"