Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya

Wangsalan dalam bahasa Jawa mirip dengan cangkriman juga parikan. Hanya saja dalam wangsalan dan cangkriman ada arti atau maksudnya yang harus ditebak, sedangkan parikan tidak ada arti yang harus ditebak. Wangsalan sering digunakan oleh orang-orang jawa dalam berdialok dengan maksud menyindir, atau menyampaikan sesuatu tidak secara langsung. Berikut ini pengertian wangsalan, jenis-jenis wangsalan, dan contoh wangsalan dalam bahasa Jawa.

Wangsalan Yaiku

Wangsalan yaiku unen unen utawa tetembungan seng saemper cangkriman, nangin batangane wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora nganti melok, jelas utawa cetha. Nanging sarana disebutake sawanda utawa luweh. (Terjemahan; Wangsalan yaitu kata-kata atau kalimat sejenis cangkriman, tetapi jawabannya sudah disebutkan. Hanya saja cara menyebutkan tidak secara jelas atau lugas. Tetapi hanya dengan menyebutkan satu kata atau lebih.)

Jenis-Jenis Wangsalan

A. Wangsalan Lamba

Wangsalan lamba, yaiku jinising wangsalan kang isi batangane mung siji. Unen-unen wangsalan iki mung saukara sing kadadeane saka rong gatra, yaiku gatra ngarep kasebut wangsalan, lan gatra kang kapindho yaiku isi batangane.

Contoh Wangsalan Lamba
  • Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (eso)
  • Lombok cilik, dikandhani malah mecengis. (cengis)
  • Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu? (yuyu)

B. Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep, yaiku jinising wangsalan kang isi batangane luweh saka siji. Unen-unen wangsalan iki kadadean saka rong ukara, saben ukara kadadean saka rong gatra, yaiku ukara kapisan kasebut isi wangsalan, ukara kapindho kasebut isi batangane.

Contoh Wangsalan Rangkep
  • Mrica kecut, singgat toya, Saunine, wong sengit nggregetake. (wuni, uget-uget)
  • Jenutawa, padhepokane Pandhita Durna, Aja ketungkul, ulah saka tan prayoga. (tungkul, sukalima)
  • Sayuk karsa, wulung widho mangsa rowang, Sayektine, mung saking bodho kula. (saiyeg, bodho)

C. Wangsalan Memet

Wangsalan memet, yaiku jisining wangsalan kang cara nggoleki batangane kanthi sarana nggoceki maksud tetembungane ambal kaping pindho.

Contoh Wangsalan Memet
  • Uler kambang, yen trima alon-alonan. (uler kambang = lintah, batangane satitahe = ora ngaya = alon-alon).


D. Wangsalan Padinan

Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang kena kaperang dadi loro, yaiku ana kang nganggo mratelakake batangane lan ana kang tanpa mratelakake batangane, amarga wong akng padha krungu wes dianggep ngerti maksude.

Contoh Wangsalan Padinan
  • Nyaron bumbung, cengklungen anggonku ngenteni! (angklung)
  • Jarwa prapta, aja duka lo ya! (teka)
  • Tepi wastra, ora liwat tiba sapadha-padha! (kemadha)
  • Njanur gunung, kersa rawuh ing omahku! (aren = kadingaren)
  • Sajatine krungu, nanging njangan gori! (jangan gori = gudeg)
  • Yen saguh aja mbalung jagung! (balung jagung = janggel)


E. Wangsalan Edipeni

Wangsalan edipeni, yaiku jinising wangsalan kang mawa paugeran. Unen-unene wangsalan ini kadadean saka rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra (4 wanda + 8 wanda). Ukara kapisan yaiku kang isi wangsalan, mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi lumaksita utawa purwakanthi basa.

Contoh Wangsalan Edipeni
  • Kancing gelung, gelung kondhe model Bandhung, besuk kapan, damange mring basa jawa? (tusuk, ciodha)
  • Carang wreksa, wreksa kang rineka janma. Nora gampang, golek kawruh mwih kaonang. (epang, golek)

F. Wangsalan Mawa Paugeran Tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kaperang dadi loro, yaiku:
1. Wangsalan kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda (wangsalan lamba, namung isi batangane siji).Unen-unene mung saukara, kadadean saka rong gatra. Gatra ngarep (4 wanda) isi wangsalan, gatra buri (8 wanda)  isi batangane.

Contoh Wangsalan Mawa Paungeran 4 wanda + 8 wanda
  • Reca kayu, golek kawruh rahayu. (reca kayu = golek)
  • Gayung sumur, aja kemba aja mundur. (gayung sumur = timba)
  • Kapi jarwa, dek pethek mangsa luputa. (kapi jarwa = kethek)
  • Bayem arda, putri anteng tur jatmika. (bayem arda = lateng)

2. Wangsalan kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda (wangsalan rangkep, kang isi batangane punjul saka siji). Unen-unene ana rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kaping pisan (rong gatra) isi wangsalan, lan ukara kaping pindho (rong gatra) isi batangane.

Contoh Wangsalan Mawa Paungeran (4 wanda + 8 wanda) X2 = 24
  • Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. Wong wruh rasa, tan mamak tatakrama. (banyu rasa = tesmak)

G. Wangsalan Sinawung ing Tembang/ Gendhing

Wangsalan sinawung ing tembang, yaiku jinising wangsalan kang cacahe wandan lan tibaning swara ing wekasaning gatra ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru lagu tembang. Guru wilangan lan guru lagu tembang kudu tansah menang lan ora kena owah, kudu tansah manut paungeran tembang.

Contoh Wangsalan Sinawung ing Tembang/ Gendhing

1. Tembang Asmaradana

Sun lali-lali tan lali
Sun lelipur saya brangta
Sasolahe katon bae
Gembili gung woh ing tawang (1) Gedebugan wak ingwang
Jenang gamping (2) raca kayu (3) Dalenjet nggoleki ndika
a. jebug= jambe tuwa; (2) enjet; (3) golek

Kembang adas, sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas, nglabuhi wong nora waras
Alah bapak mbalung jagung
Saguhku isih janggelan
(balung jagung = janggel = janggelan)

2. Tembang Sinom
Tawon kang awisma kisma,
araning kang dhahar warih,
punika atur kawula,
konjuk mring raka sarimbit,
araning barang sami,
basa Jawa kinanipun,
kabar kawilujengan,
payon kertas barang remit,
Pinayungan Hyang Widhi basukyarja.

Katrangan:
tawon kang awisma kisma = tawon tutur (tutur)
dhahar warih = ngunjuk
barang sami = kembar
basa Jawa Kina = Kawi
payon kertas = payung
barang remit = wadi

2. Tembang Dhandhanggula

Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg trang ing cipta,
sendhang tir ing ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.

Katrangan:
carang wreksa = pang
jamang tambir = wengku
baligo amba godhonge = Iabu
andheging riris = terang
sendhangtiring ranu = asat
menyan seta munggwing ardi lirang (welirang)

H. Wangsalan sing kanggo sasmitane tembang

  1. Pambukaning sekarsarwa manis (Dhandhanggula)
  2. Wedi ancung Iaran pangiketing kidung (Pucung)
  3. Mingkar-mingkuring angkara (Pangkur)
  4. Tambuh-tambuh riggenira wanuh (Gambuh)
  5. Sumping sekar roning kamal (Sinom)
  6. Kambang-kambang palwa kinubengan warih (Maskumambang)
  7. Aja pegat ing kawaskitan ingkang Iuhung (Megatruh)
  8. Sukanira angantya sri widada (Kinanthi)
  9. Wijiling sabda kang kaesti (Mijil)
  10. Kasmaran murwani tulis (Asmaradana)
  11. Aja mundur ing pakewuh (Durma)


Baca juga:
Parikan Jowo (Ciri-Ciri dan Contoh Parikan Jowo Nasehat, Sindiran, dll)
Tembung Saroja dan Artinya Secara Lengkap
Cangkriman: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)

Contoh Wangsalan Sajroning Pacelathon.

1. "Njanur gunung, kadingaren dolan mrene" (njanur gunung; aren = kadingaren).
2. "Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges" (ngrokok cendhak; tegesan = neges-neges).
3. "Njenang gula lho, aja lali" (jenang gula; glali = lali).
4. "Nggodhong garing, esuk-esuk wis nglaras" (godhong garing; klaras = nglaras).
5. "Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti" (balung klapa; bathok = ethok-ethok).
6. "Balung geni, mbok menawa aku ora bisa" (balung geni; mawa = menawa).
7. "Balung janur, sida lunga apa ora?" (balung janur; sada = sida).
8. "Balung pakel, aja seneng alok-alok" (balung pakel; pelok = alok-alok).
9. "Balung klapa, ethok-ethokan wae" (balung klapa; bathok = ethok-ethokan).
10. "Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula" (balung jagung; janggel = tanggel).
11. "Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni" (saron bumbung; angklung = cengklungan).
12. "Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir" (jangan goni; gudheg = judheg).
13. "Kendhil dawa, enggal ditandangi" (kendhil dawa; dandang = ditandangi).
14. "Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae" (putra bebek; meri = wira-wiri).
15. "Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang" (mrica kecut; wuni = muni).
16. "Sarung jagung, abot entheng tak lakonane" (sarung jagung; klobot = abot).
17. "Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut wae" (pentil kacang; besengut = mbesengut).
18. "Sekar aren, sampun dangu-dangu" (sekar aren; dangu = dangu-dangu).
19. "Reca kayu, goleka kawruh rahayu" (reca kayu; golekan = goleka).
20. "Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso" (roning mlinjo; so = ngaso).
21. "Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung" (woh tanjung; kecik = becik).
22. "Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga" (kapi jarwa; kethek = pethek).
23. "Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung"(kukus gantung; sawang = sawang).
24. "Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar" (kembang jambu; karuk = kemaruk).

Demikian ulasan tentang "Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya" yang dapat kami sampaikan. Baca juga artikel seni sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

3 komentar untuk "Wangsalan Bahasa Jawa dan Artinya"

  1. maaf saya mau bertanya kalau jenang sela, wader kalen sesondheran itu tegese apa ya?

    BalasHapus
    Balasan
    1. jenang sela /wader pari sesondheran
      apuranta / yen wonten lepat kawula

      jenang sela namanya apu (apuranta)
      wader pari yang berselendang itu ikan sepat (lepat)

      Hapus
    2. Jenang sela: apu
      Wader kali/kalen: sepat

      Hapus

Silahkan berkomentar yang baik dan sopan, komentar dengan link aktif akan kami hapus.